Kamis, 24 Desember 2015

cerita wayang

Anoman

Anoman ‘hanoman’ iku putrane Bathara Guru karo Dewi Najani. Dewi Anjani putrine Resi Gutama lan Dewi Windradi. Sesebutane liya kanggo Anoman yaiku Bambang Senggana, Bayu Putra, AnjaniPutra, Maruti, Kapiwara, Ramadayapati, Bayutanaya. Sawise mandegresi mapan ing gunung Kendhalisada, peparab Begawan Mayangkara.
Anoman duwe sedulur tunggal bayu duwe daya angin amarga sihe batara Bayu, yaiku Bima, Begawan Maenaka, Liman Aitubanda, Garudha Mahambira, Naga Kuwara, lan Dewa Ruci. Amarga duwe daya angin, mula yen lumayu mesthi dibarengi swara angin.
Garwane Anoman loro, yaiku Dewi Purwanti lan Dewi Urangayu. Karo Dewi Purwanti peputra Dewi Purwaganti. Karo dewi Urangayu peputra Trigangga.
Anoman iku gedhe lelabuhane marang sapadaning titah. Sanajan wanara ‘kethek’ nanging duwe jiwa satriya seneng bela bebener lan nyingkirake angkara murka, jujur, lila legawa, enthengan. Tau dadi Senapati Prabu Rama, mateni Dasamuka. Setya tuhu marang titise Bathara Wisnu, yaiku Rama lan Kresna. Anoman uga melu dadi pamomonging para pandhawa.
Anoman iku umure dawa banget, wiwit jaman Pancawati ateges barakan karo Prabu Rama, tumeka jaman Kurawa lan Pandhawa, lan sedane Jayabaya kang ngaratoni ing Kedhiri. Seda saka pamundhute dhewe amarga rumangsa wis jeleh urip nang alam dunya.
Ana ing crita laire Anoman, suweneh tindak kang bisa dadi piwulang. Dene crita mangkene. Resi Gutama lan Dewi Windradi kagungan putra telu, yaiku Guwarsa, Guwarsi, lan Dewi Anjani. Dening ibune, Dewi Anjani kaparingan Cupumanik Astagina,. Kang mangkono andadekake merine sedulure. Guwarsa lan Guwarsi banjur nyuwun marang ramane, Resi Gutama banjur kaget amarga sing kagungan cupumanik astagina iku mung dewa. Dewi Windradi diganggu, asale saka ngendi cupumanik astagina, sarehne ditakoni meneng bae, Resi Gutama ngendika, “Ditakoni kok meneng bae kaya tugu.” sanalika Dewi Windradi dadi tugu.
Cupumanik sing kanggo rebutan mau banjur diuncalke dening Resi Gutama tiba ing tengahe sendang. Bocah telu banjur ageage nututi. Guwarsa lan Guwarsi nyemplung sendhang melih rupa dadi wanara ‘kethek’. Anjani ora wani nyegur , nanging wis kebanjur raup banyu ning sendhang, mula asta lan raine malih dadi wanara. Tetelune banjur nangis getun keduwung. Dening kang Rama, Resi Gutama, Guwarsi kadawuhan tapa ngalong ‘patrape kaya kalong’, yen turu gumandul, mangane woh-wohan wae, yen golek pangan wayah bengi. Guwarsa kadhawuhan tapa ngidang, yaiku tapane sing kaya patrape kidang ing tengah alas. Mung mangan gegodhongan lan suket. Dewi Anjani kadhawuhan tapa ing pinggir telaga, ora kena mangan yen ana pangan kang tumuba saka langit.

Kacarita nalika Bathara Guru lagi niti priksa ngubengi jagad, tuwuh welase priksa kahanane Dewi Anjani, banjur nibakake godhong sinom. Sawise dhahar godhong sinom, Dewi Anjani ngandhut lan nglairake putra kakung, wujude kethek putih kaparingan nama Anoman.

Jumat, 18 Desember 2015

Artikel masalah kaluwarga

KEKERASAN ING KALUWARGA
Kekerasan ing kaluwarga yaiku tindakan yen dilakukake ing kaluwarga marang anggota kaluwargane, biasane pelakune yaiku sing lanang lan sing dadi korban yaiku wedoke. Ing Indonesia wis akeh kekerasan ing kaluwarga, iki mujudake gagal yen mbina kaluwarga, gagal nggawe kaluwarga sing harmonis, tentrem tanpa ana masalah sing marakake salah sijine anggota kaluwarga dadi korban. Kekerasan ing kaluwarga iki bisa awujud kekerasan fisik, kekerasan emosional lan penelantaran ekonomi. Sing mujudake kekerasan fisik contone: kekerasan sing nggunakake tangan kosong yaiku nyiram nganggo banyu panas, njambak rambut, nendangi, nampongi, lan liya-liyane. Ing jaman saiki wis akeh kekerasan ing kaluwarga merga akeh faktor penyebabe, contone keadaan ekonomi kaluwarga iku bisa nyebabke masalah. Yen ekonomi kurang utawa pas-pasan, nanging kebutuhane iku akeh bisa nyebabke problem. Merga ekonomine kurang nanging ana salah siji sing ora bisa nrima keadaan menika mesthi bae dadi masalah, bakalan nuntut utawa dalan siji-sijine pasangan bebojoan menika kudu kerja kabeh nggolet duit kanggo nyukupi kebutuhan uripe. Lah menawa pada kerja kabeh terus sing lanang ngrasa ora kaurus iku bisa nyebabake masalah.
Penyebab umum kekerasan ing kaluwarga yaiku:
1.anggepan yen wong lanang iku kudu kuat, wani ora ulih lemah, aja kalah kambi wedoke;
2. wong lanang lan wedok ora diposisikna setara ing masyarakat;
3. yen ana masalah utawa kekerasan ing kaluwarga kudu ditutupi merga masalah kaluwarga dudu masalah sosial;
4. pemahaman sing keliru marang ajaran agama ngenani aturan mendidik istri, kepatuhan istri marang bojone lan ngormati kedudukan suami iku kepala kaluwarga dadi wong lanang bisa nguasai wedoke;
5. budaya yen wong wedok iku bergantung marang bojone, khususe ekonomi.

Ing Kota Purbalingga ana pasangan bebojoan kang ekonomine kagolong pas-pasan, omahe esih ngontrak durung duwe omah dewek. Merga keadaan ekonomine iku pas-pasan, nanging kebutuhane iku akeh kanggo mbayar kontrakan, kebutuhan pangan saben dinane, lan liya-liyane, dadi lanang lan wedoke iku kerja kabeh. Lanang lan wedoke iku kerja dadi buruh, nanging panggonan kerjane beda. Sing wedok kerja nang salah siji pabrik wig ing Purbalingga, nang kono jam kerjane full yaiku kawit esuk tekan bengi. Aturan sing berlaku ing PT iku uga tertib, gajihe lumayan akeh soale pabrik iku  barange wis tukang di ekspor marang luar negri. Yen sing lanang jam kerjane ora patiya full yaiku kawit esuk namung tekan sore. Sing lanang mangkat kerjane jam 8 esuk bali jam 5 sore, yen sing wedok mangkat jam 6 esuk bali jam 8 bengi. Panggonan kerjane sing wedok lewih adoh timbang kambi panggonan kerjane sing lanang, dadi sing wedok mangkate lewih gasik. Jam kerjane sing lanang kambi sing wedok uga lewih akeh sing wedok. Yen sing lanang wis bali, wedoke durung bali. Pasangan bebojoan iki wis nduwe anak, nanging anake isih cilik dadi yen lagi pada lunga kerja  anake kuwi dititipake marang mbahe.
Ing sawijining dina pasangan iku ana problem, lanang lan wedoke iku adu omong. Sing wedok njaluk duit marang sing lanang kanggo tuku kebutuhan pangan, nanging sing lanang ora gelem aweh duit marang sing wedok alesane jere sing wedok uga wis kerja lah ngapa isih njaluk duit. Lanange mbentak-mbentak sing wedok. Sue-sue lanange nglakukake tindakan sing ora patut dilakukake, lanange iku nampongi lan nganuni sing wedok nganti abuh. Alesane sing lanang nglakukake tindakan ngono kuwi merga sing lanang ngrasa ora kaurus, saben bali kerja nang umah durung ana panganan padahal awak kesel. Wedoke iku bali kerjane mbengi dadi ora bisa ngladeni sing lanang. Lanang lan wedoke iku ketemune namung wayah mbengi utawa pasa lagi ana libur. Sing lanang kepengin diladeni, entuk perhatian kang bojone iku. Kepriye maneh lah sing wedok bali kerjane mbengi, yen sing wedok ora kerja mengko kebutuhane ora bisa kecukupan. Lanange nuntut supaya wedoke iku golet kerjanan liya sing wektu kerjane ora ngantek mbengi. Dadi yen sing lanang uwis bali omah wedoke uga wis nang omah, nanging sing wedok ora gelem merga kerjanan sing saiki wis pas uga golek kerjanan iku ora gampang. Kerjanane sing wedok gajihe lumayan gedhe dadine yen arep metu lan golek kerjanan liane wedoke ora gelem. Wedoke iku uga krasa yen pendidikane iku ora dhuwur namung tamat SMP dadine nek arep golet kerjanan liane mikir-mikir, durung mesthi ana sing gelem nampa. Saben dina pasangan bebojoan iku reang, ora tau akur kehidupan kaluwargane ora harmonis. Pasangan bebojoan iku kagolong pasangan enom, dadine lorone iku pikirane durung bisa dewasa. Mbojo yen umure esih enom lan ekonomi kaluwargane iku namung cukup kanggo mangan mesthi bae sering ana masalah ngono kuwi. Mbojo enom kadhang merga wis keburu cepet-cepet pengin mbojo, ora mikir mengko yen wis umah-umah iku kepriwe. Yen arep mbojo kudu wis siap-siap utawa duwe ancangan mengko arep kepriye ben bisa menuhi kebutuhan, aja egois lorone kudu sepakat yen arep nindakna apa-apa. Yen ana salah siji sing ngrasa ora puas mesthi bae sering reang, dalan sing apik kudu diomongke sing alus aja sithik-sithik kambi kesuh. Wong lanang iya pancen nduweni hak nuntut perhatian, nanging uga kudu ngerteni keadaan. Bisane wedoke kurang perhatian marang sing lanang mergane deweke kerja ora lunga seneng-seneng kanggo awake dewek, nanging nggolet duit kanggo kebutuhane kaluwarga. Iya nek sing lanang pancen wis bisa nyukupi kebutuhane kabehan mesthi bae wedoke gelem mentu saka kerjanane iku, nanging yen wedoke ora kerja kebutuhane bakalan ora kacukupan. Terus uga yen sing wedok njaluk duit marang sing lanang iku uga wajar, mergane wong lanang iku kepala kaluwarga sing hak-e nyukupi kebutuhane anak bojone. Ing kulawarga sing kudu menuhi kebutuhan iku wong lanang, yen sing wedok kerja namung kanggo mbantu sithik-sithik.
Saka kadadeyan ing dhuwur, iku mujudake kekerasan sing ngenani fisik yaiku nampongi lan nganuni nganti abuh/barem. Faktor sing nyebabke sing lanang nglakukake tindakan ngono kuwi marang sing wedok yaiku merga sing lanang ngrasa ora diurusi, ora entuk perhatian kang wedoke. Wong wedok iya pancen kudu ngladeni marang bojone, nanging sing lanang kudu ngerteni. Yen lanang wedok kerja kabeh, sedurunge pancen kudu ana sepakatan ben salah sijine aja ana sing ngrasa rugi utawa kurang puas. Sing lanang iku ora bisa nahan emosi, mesthine menawa ana masalah ngono kuwi kudu diomongake sing alus, dirembug bareng aja nglakukake tindakan sing marakake wedoke tersiksa.
Akibat saka kekerasan ing kaluwarga yaiku antarane:
1.korban ngalami stres lan depresi. Korban uga bisa trauma akibat kekerasan sing ngenani awake;
2. korban wedi yen ketemu kambi pelaku, dadi antara korban lan pelaku ora ana komunikasi. Ujung-ujunge mengko lorone cerai;
3. pelaku menawa kasuse iku kewenangan lan dilaporake, biasane pelaku dadi isin utawa dadi nyesel.

Kanggo ngupayakake supaya ora kadadeyan tindakan kekerasan ngono kuwi kudu diamalake ajaran agama. Pendidikan agama lan pengamalan ajaran agama iku kunci kanggo nyegah tindakan kekerasan. Agama ora ngajarake kekerasan, ana ing agama saben wong kudu saling nduweni rasa tresna ora ulih nglakukake tindakan sing marakake salah siji dadi tersiksa ing batine utawa fisike. Yen ana masalah sing gawe reang, kudu dirampungake kambi pikiran sing tenang aja kegawa emosi utawa njaluk pendapat saka pihak sing luwih tua.

Suluk

Suluk Singgah-Singgah

Singgah-singgah kala singgah
Tan suminggah Durgakala sumingkir
Sing asirah sing asuku
Sing atan kasat mata
Sing atenggak sing awulu sing abahu
Kabeh pada sumingkira
Hing telenging jalanidi

Aja anggodha lan ngrencana
Apaningsun ya sun jatining urip
Dumadiku saka henu
Heneng henenging cipta
Singgangsana hing tawang-tawang prajaku
Sinebut pura kencana
Bebetenging rajeg wesi (ada yg menyebut “rajah wesi”).
  
Ana kanung saka wetan
Nunggang gajah telale elar singgih
Kullahu marang bali kul
Jim setan brekasakan
Amuliha mring tawang-tawang prajamu
Eblise ywa kari karang
Kulhu bolak-balik.

Geger setan wetan samya
Anerus jagad kulon playuning dhemit
Ing tengah Bathara Guru
Tinutup Nabi Suleman
Daya setan brekasakan ajur luluh
Ki jabang bayi wus mulya
Liwat siratal mustakim.

Sun langgeng amuja mantra
Pan jaswadi putra ing kodratmanik
Laa ilaaha ilallah
Muhammad Rasulullah
Sallallahu alaihi wasallam
Waalaekumsalam

Puniku pupuji mami.

Tradisi Banyumas

Tradisi  cowongan  menika salah satunggalipun tradisi saking Banyumas, inggih menika upacara nyuwun jawah kanthi migunakaken piranti siwur utawi irus ingkang dipunpaes kados dene sawijining putri. Paraga cowongan menika kados dene para wanita ingkang suci (ateges boten saweg nifas, haid) kanthi nyekaraken tembang-tembang tertamtu ingkang satemenipun menika dedunga. cowongan limrahipun dipunlampahi wekdal mangsa ketiga/kemarau. Limrahipun ritual cowongan dipunlampahi wiwit wekdal akhir usum kapat (itungan usum ing kalender Jawa) utawi watara sasi september. Dipunleksanakaken saben ndalu jum'at dipunwiwiti ing ndalu jum'at kliwon. Ing tradisi masyarakat Banyumas, cowongan dipunleksanakaken ing pitungan ganjil, umpaminipun kaping sepisan, kaping tiga, kaping gangsal, utawi kaping pitu. Anangingsepindhah dipunlampahi dereng temtu wonten jawah, kamangka dipunlampahi kaping 3. Bilih ping 3 ugi dereng jawah, saged dipunlampahi ping 5 ngantos dumugi jawah.

Teks Serat Tripama

Serat Tripama

Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV

Dhandhanggula.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)

5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).

7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Senin, 07 Desember 2015

Geguritan

Sepi
Iki sepine sapa?
Sepi nyenyet
Langit peteng kagubeng dening mendung
Tanpa angin tanpa wicara
Tanpa lagon tanpa gendhing
          Yen sliramu isih tresna
          Gunemu bakal tak enteni
          Nadyan getir rasaning ati
          Sepi,,,
          Sepi atiku tanpa sliramu

          Sepi nyenyet…

Geguritan

Anyar
Lelakuning lakuku saiki wis ganti
Dak lakoni lelaku anyar
Lelaku sing nembe meh tak lakoni
Lingkungan anyar, kanca anyar
Kabeh beda karo lelakuku mbiyen
Aku kudu bisa mangerteni kabehan,
Angel,,,tak akuni angel.
Iki pada kaya bayi sing nembe lair
Kabeh kudu tak sinauni, iki udu perkara sing gampang
Nanging, aku kudu bisa. Lelakuku kanggo awakku dhewek

Wedi,,iya wedi. Apa aku bisa nglakuni lakuku sing anyar iki
Aku kudu ngilangke kabeh prasangkaku sing ora ora
Delenga,,delenga sing luwih cedhak
Ben luwih mangerti, luwih bijaksana

Lelaku anyarku iki kudu tak lakoni 

Fonologi


TUGAS MAKALAH
FONOLOGI
TATA BUNYI BASA

Disusun guna Memenuhi Tugas Mata Kuliah Fonologi

Dosen Pengampu :
Widodo

 Oleh :
Bunga Nurgita Aulia               (2601414018)
Rombel 1


BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2014

BAB I
PENDAHULUAN

1.Latar Belakang
Saben basa nggadahi sistem nanging sering wonten masalah. yaiku ingkang kaitan kaliyan suara,bentuk,kata,penulisan lan pangangge kalimat. Hal iku disebabkaken dening sifat basa yen selalu berkembang kaliyan perkembangan pikiran lan budaya pangangge basa ingkang bersangkutan. Nyebabkake  masalah kebahasaan Dadose kita penting nyinauni cara pangucapan utawa lafal ingkang bener lan pener Ing bab menika badhe dibahas tentang Fonetik, Fonemik,lan Diftong

2. Rumusan Masalah
2.1 Apa pengertian suara basa lan tata suara, fonetik, fonemik, lan diftong ?
2.2 Kepripun carane hasilkaken suara basa lan tata suara ingkang bener lan pener ?

3. Tujuan
3.1 Kangge mangertosi pengertian suara basa lan tata basa, fonetik, fonemik, lan diftong.
3.2 Kangge mangertosi kepripun carane hasilkaken suara basa lan tata suara ingkang bener lan    pener






BAB II
PEMBAHASAN
           
Tata bahasa diwiwiti saking kata lan unen ingkang tesih bersifat abstrak nanging wonten bunyi ingkang mbentenaken makna.
1.      Rupa-Rupa Bunyi  Basa
1.Swara Vokal
Vokal yaiku bunyi bersuara yen dihasilkaken dening udara ingkang didalkaken saking paru-paru liwat lathi tanpa dihambat dening alat wicara,  lan kualitase ditentukaken dening 3 faktor yaiku :
·         Inggil-endhep e posisi lidhah (inggil, sedeng, endhep)
·         Bageyan lidhah ingkang di inggilkake (ngajeng, tengah, wingking)
·         Bentuk lathi pada pembentukan vocal iku (normal, bundar, lebar/terentang)
Fonem vokal yaiku bunyi basa ingkang saged bentenaken makna yen didalkaken dening piranti ucap tanpa hambatan saat pangucapan. Basa jawa gadhah 6 vokal yaiku: /i/. /e/. /a/. /ₔ/. /u/. lan /o/ .
ü  Vokal /i/
Vokal /i/ basa jawa gadhah kalih alofon, yaiku [i] lan [I]. Ingkang mbentenaken yaiku kuat lan lemah tekanan bunyi iku. Bunyi [i] menika vokal tertutup inggil-kut ngajeng-boten bunder, yen bunyi [I] menika tertutup inggil-lemah ngajeng-boten bunder. Fonem /i/ ing posisi kabuka dilafalkaken [i] (i-jejeg) nanging ing posisi katutup lafalipun kurang lewih mirip [ɛ] (i-miring). Tuladha: /panci/ dilafalkaken [p'aɲci] , Nanging /kancil/ kurang lewih dilafalkaken [k'aɲcɛl].

ü  Vokal /e/
Vokal /e/ basa jawa gadhah kalih alofon, yaiku [e] lan [ε]. Ingkang mbentenaken bunyi iku katingal saking kuat utawa lemah tekanan yen ngucapke. Bunyi [e] menika vokal mandan tertutup sedeng-kuat ngajeng-boten bunder, yen bunyi [ε] menika vokal mandan tertutup sedeng-lemah ngajeng-boten bunder. Fonem /e/ ing posisi kabuka dilafalkaken [e] (e-jejeg) nanging ing posisi katutup dados [ɛ] (e-miring). Tuladha: /lélé/ dilafalkaken [l'ele] , nanging /bebek/ dilafalkaken [b'ɛbɛʔ].

ü  Vokal /ₔ/
Vokal /ₔ/ wonten ing basa jawi sanes alofon fonem /e/ nanging fonem tersendiri amargi bunyi kasebut ing basa jawa saged mbentenaken makna.

ü  Vokal /a/
Ing khazanah linguistik jawa vokal /a/ lazim disebat a swara miring’bunyi a miring’. Fonem /a/ ing posisi tertutup dilafalkaken  [a] (a-miring), nanging ing posisi kabuka dados [ɔ] (a-jejeg). Tuladha: /lara/ (sakit) dilafalkaken  [l'ɔrɔ], nanging /larane/ (sakitnya) dilafalkaken  [l'arane]

ü  Vokal /o/
Vokal /o/ ing tata basa jawa lazim dipun sebat o swara jejeg. Fonem /o/ ing posisi kabuka dilafalkaken [o] (o-jejeg) nanging ing posisi katutup dados [ɔ] (o-miring). Tuladha: /loro/ dilafalkaken  [l'oro] , nanging /boloŋ/ dilafalkaken [b'ɔlɔŋ].

ü  Vokal /u/
Vokal /u/ basa jawa gadhah kalih alofon, yaiku [u] lan [Ʋ] ingkang mbentenaken kalih bunyi iku yaiku ing kuat utawa lemah tekanan. Bunyi [u] vokal tertutup wingking-bundar nggingil-kuat, yen bunyi [Ʋ] menika vokal tertutup wingking-bunder inggil-lemah. Fonem /u/ ing posisi kabuka dilafalkaken [u] (u-jejeg) nanging ing posisi katutup lafalipun kurang lewih mirip [o] (u-miring). Tuladha: /wulu/ (bulu) dilafalkaken [w'ulu] , nanging /ʈuyul/ (tuyul) kurang lewih dilafalkaken [ʈ'uyol].

2.Konsonan
Fonem /k/ gadha alofon. Ing posisi terakhir, dilafalkaken [ʔ]. Yen ing posisi tengah lan awal tetep dilafalkaken [k].
Fonem /n/ gadhah kalih alofon. Ing posisi awal utawa tengah menawi wonten ing ngajeng fonem eksplosiva palatal utawa retrofleks, maka fonem sengau iki badhe ubah sesuai dados fonem homorgan. Teruse yen fonem /n/ ngikuti sebuah /r/, maka dados [ɳ] (fonem sengau retrofleks). Tuladha: /panjaŋ/ dilafalkaken  [p'aɲjaŋ], lalu /anɖap/ dilafalkaken [ʔ'aɳɖap]. Kata /warna/ dilafalkaken [w'arɳɔ].
Fonem /s/ gadhah satunggal alofon. Menawi /s/ ngikuti fonem /r/ utawa wonten ing ngajeng fonem eksplosiva retrofleks, maka direalisasikaken dados [ʂ]. Tuladha: /warsa/ dilafalkaken [w'arʂɔ],  /esʈi/ dilafalkaken [ʔ'eʂʈi].
       Konsonan yaiku yen bunyi udara medal saking paru-paru liwat kerongkongan lan lathi ngalami hambatan, lan kualitase  ditentukake dening 3 faktor yaiku :
·         Keadaan pita suara (merapat utawa ngrenggang – bersuara utawa boten bersuara).
·         Penyentuhan utawa pendekatan macem-macem alat ucap/artikulator (lathi, waja, gusi, lidhah lan langit-langit).
·         Cara piranti ucap menika sentuhan.
Artikulator yaiku piranti ucap ingkang bersentuhan utawa yen dicedakake kangge mbentuk suara basa.
ü  Bilabial : Lathi nginggil lan ngandhap terkatup. Tuladha: ( eb, em, ep)
ü  Labiodental : lathi ngandhap lan ujung waja nginggil.
ü  Alveolar : ujung/daun lidhah nyentuh/nyedhaki gusi.
ü  Dental : ujung/daun lidhah nyentuh/nyedhaki waja ngajeng nginggil.
ü  Palatal : ngajeng lidhah nempel/nyedhaki langit-langit atos.
ü  Velar   : wingking lidhah nempel/nyedhaki langit-langit lunak.
ü  Glotal  : pita suara dicedhakake cekap rapet sehingga arus udara saking paru-paru tertahan.
v  Fonem khas basa jawi
Basa jawi gadhah fonem khas, yaiku bunyi aspirat lan pranasal.
1.Bunyi Aspirat
Sedaya bunyi hambat lan boten bersuara ing basa jawi disarengi bunyi aspirat, yaiku bunyi frikatif glottal boten bersuara. Ing basa bunyi hambat bersuara lan boten bersuara beraspirat lan boten beraspirat boten mbentenaken makna. Ing basa ugi bunyi beraspirat lan boten beraspirat mbentenaken makna.
2.Bunyi Pranasal
Pranasal menika bunyi nasal ingkang selalu ngriyini kata ingkang saweg diucapkake.
2.      Fonetik
Fonetik yaiku cabang ilmu basa (linguistik) ingkang nyinauni suara basa secara
eklusif utawa nyinauni suara basa tanpa mriksani menapa suara iku mbentenaken arti utawa boten. Yen nggunakaken basa lisan wonten kalih pihak yaiku pembicara lan pendengar. Pihak ingkang pertama mroduksi suara-suara basa, uga pihak kekalih nrima lan mahami. Sahengga kita kedhah mangertos ing fonetik wonten kalih aspek penting yaiku aspek akustik lan aspek fisiologis utawa artikulatoris. Aspek ingkang pertama nyinauni struktur lahir bunyi. Aspek liyane nyinauni mekanisme ingkang nggadahi peranan kangge mroduksi bunyi-bunyi lan cara mroduksi.
v  Wonten 3 bidang kajian fonetik, yaiku :
1)      Fonetik Artikulatoris
Yaiku ngjlentrehake tentang artikulasi lan pemroduksian suara. Fonetik artikulatoris hubungane kaliyan organ ospek tubuh kangge hasilkaken suara.
2)      Fonetik Auditoris
Hubungane kaliyan penerimaan bunyi dening talingan, kepripun proses ing mlebet talingan, ing syaraf pangrungu lan ing otak.
3)      Fonetik Akustik
Kaitane kaliyan gelombang bunyi, njlentrehake mekanisme talingan nampi bunyi basa sebagai getaran udara. vokal lan intonasi dijlentrehake ing kajian fonetik iki. Fonetik iki mlebet ing bidang neurologi ilmu kedokteran.
v  Manfaat Fonetik
Fonetik gadhah 2 manfaat, yaiku:
1.      Manfaat teoritis, yaiku penguasaan bidang fonetik kangge bekal utama dening seseorang kangge ngembangkaken potensi sebagai ilmuwan.
2.      Manfaat Praktis, yaiku penguasaan fonetik seseorang berprofesi lan mendayagunakaken kemampuan lisan patut nguasai fonetik.

-Unen Oral lan Nasal
Swara oral lan nasal dibentenaken kaliyan medalipun arus ujar. Menawi arus ujar medal saking rongga lathi dipun arani suara oral. Yen medal saking rongga grana dipun arani suara nasal.
-Unen Egresif lan Ingresif
Suara egresif lan ingresif dibentenaken kaliyan mlebetipun arus udara ing pembentukan bunyi iku. Menawi arus udara medal saking mlebet badan menyang njawi dipun arani egresif. Yen arus udara saking njawi menyang mlebet badan dipun arani igresif.

3.Fonemik
Fonemik yaiku cabang studi fonologi yen nylidiki satuan bunyi terkecil suatu basa     kangge bentenaken makna. Obyek penelitian fonemik yaiku Fonem; bunyi basa yen nggadahi fungsi kangge bentenaken makna kata. Ing fonetik wonten fonem lan alofon.
Alofon yaiku bunyi terkecil yen bisa bentenaken arti, menawi huruf yaiku lambang bunyi utawa lambang fonem.Fonem yaiku bunyi terkecil ingkang saged bentenaken arti, menawi huruf yaiku lambang bunyi utawa lambang fonem. Fonem boten sami kaliyan huruf, fonem yaiku suara saking huruf, lan huruf yaiku lambang saking bunyi.
Alofon yaiku bunyi basa ingkang boten nggadahi fungsi kangge bentenaken makna, menika variasi saking anggota fonem tertentu. Alofon menika varian fonem berdasarkan posisi.Tuladha: fonem /i/ wonten kata ingkar. cita, lan, tari, tiap-tiap /i/ kasebut dipun kasebat alofon saking /i/; fonem /o/ gadhah alofon misale wonten ing kata tokoh lan took, lan saliyane.

4.Diftong
Diftong yaiku vokal yen kualitasipun berubah, kualitasipun yen lagi pangucapan. Diftong biasanipun dilambangkaken dening kalih huruf vokal ingkang boten saged dipisahkaken. Bunyi [aw] ing kata harimau menika diftong grafem <au> ing suku kata mau boten saged dipisahkaken dados ma-u. Diftong benten kaliyan deretan vokal, amargi wonten ing deretan vokal kalih vokal saged dipisahkaken wonten ing suku kata ingkang benten. Diftong inggih menika salah satunggalipun varian saking bunyi vokal. Kaliyan huruf vokal yen satunggal bunyi ing satunggal hembusan.
Ciri-cirine diftong:
·         Intonasi antara vokal laine boten sami.
·         Posisi vokal sing satunggal kaliyan liyane boten sami nadanipun.
·         Susunanipun boten saged diwalik.
·         Wonten ing suku kata ingkang sami.
Wonten 2 jenis diftong, inggih menika:
1.      Diftong naik; yaiku yen vokal pertama diucapkake lewih rendah saking vokal kekalih.
2.      Diftong turun; yaiku vokal pertama diucapkake lewih inggil daripada vokal
kekalih.

















BAB III
PENUTUPAN


1.KESIMPULAN
Bunyi vokal yaiku bunyi basa yen arus udarane boten wonten hambatan lan tiap vokal basa jawa iku leh ngucapke benten-benten tergantung pangucapane terbuka utawa tertutup. Konsonan yaiku bunyi basa yen arus udarane ngalami hambatan, lan pangucapan huruf konsonan(k,s lan n) ing sawingkinge huruf vokal kadang diucapke jelas kadang nggih boten. Fonetik yaiku ilmu ingkang nyinauni bunyi-bunyi basa ingkang dihasilkaken dening piranti ucapipun tiyang. Diftong yaiku vokal yen kualitasipun ubah yen lagi pangucapan. Dilambangke kaliyan kalih huruf vokal ingkang boten pareng pisah

 2.SARAN
    Kita kudu kedhah lewih trampil ngucapke bunyi-bunyi basa miturut aturanipun. Kita uga kedhah saged bentenaken pundi ingkang diucapke jelas,boten jelas,kabuka utawa katutup.











DAFTAR PUSTAKA

http://id.wikipedia.org/wiki/Bahasa_Jawa diunduh ing tanggal 29 November 2014
http://jiwajawajawi.wordpress.com/2013/12/10/fonologi-bahasa-jawa/ diunduh ing tanggal
2 Desember 2014

Chaer,Abdul.2009.Fonologi Bahasa Indonesia.Jakarta:Rineka Cipta.