“Anoman”
Anoman ‘hanoman’ iku putrane Bathara Guru karo Dewi
Najani. Dewi Anjani putrine Resi Gutama lan Dewi Windradi. Sesebutane liya
kanggo Anoman yaiku Bambang Senggana, Bayu Putra, AnjaniPutra, Maruti,
Kapiwara, Ramadayapati, Bayutanaya. Sawise mandegresi mapan ing gunung
Kendhalisada, peparab Begawan Mayangkara.
Anoman duwe sedulur tunggal bayu duwe daya angin amarga
sihe batara Bayu, yaiku Bima, Begawan Maenaka, Liman Aitubanda, Garudha
Mahambira, Naga Kuwara, lan Dewa Ruci. Amarga duwe daya angin, mula yen lumayu
mesthi dibarengi swara angin.
Garwane Anoman loro, yaiku Dewi Purwanti lan Dewi
Urangayu. Karo Dewi Purwanti peputra Dewi Purwaganti. Karo dewi Urangayu
peputra Trigangga.
Anoman iku gedhe lelabuhane marang sapadaning titah.
Sanajan wanara ‘kethek’ nanging duwe jiwa satriya seneng bela bebener lan
nyingkirake angkara murka, jujur, lila legawa, enthengan. Tau dadi Senapati
Prabu Rama, mateni Dasamuka. Setya tuhu marang titise Bathara Wisnu, yaiku Rama
lan Kresna. Anoman uga melu dadi pamomonging para pandhawa.
Anoman iku umure dawa banget, wiwit jaman Pancawati
ateges barakan karo Prabu Rama, tumeka jaman Kurawa lan Pandhawa, lan sedane
Jayabaya kang ngaratoni ing Kedhiri. Seda saka pamundhute dhewe amarga rumangsa
wis jeleh urip nang alam dunya.
Ana ing crita laire Anoman, suweneh tindak kang bisa dadi
piwulang. Dene crita mangkene. Resi Gutama lan Dewi Windradi kagungan putra
telu, yaiku Guwarsa, Guwarsi, lan Dewi Anjani. Dening ibune, Dewi Anjani
kaparingan Cupumanik Astagina,. Kang mangkono andadekake merine sedulure.
Guwarsa lan Guwarsi banjur nyuwun marang ramane, Resi Gutama banjur kaget
amarga sing kagungan cupumanik astagina iku mung dewa. Dewi Windradi diganggu,
asale saka ngendi cupumanik astagina, sarehne ditakoni meneng bae, Resi Gutama
ngendika, “Ditakoni kok meneng bae kaya tugu.” sanalika Dewi Windradi dadi
tugu.
Cupumanik sing kanggo rebutan mau banjur diuncalke dening
Resi Gutama tiba ing tengahe sendang. Bocah telu banjur ageage nututi. Guwarsa
lan Guwarsi nyemplung sendhang melih rupa dadi wanara ‘kethek’. Anjani ora wani
nyegur , nanging wis kebanjur raup banyu ning sendhang, mula asta lan raine
malih dadi wanara. Tetelune banjur nangis getun keduwung. Dening kang Rama,
Resi Gutama, Guwarsi kadawuhan tapa ngalong ‘patrape kaya kalong’, yen turu
gumandul, mangane woh-wohan wae, yen golek pangan wayah bengi. Guwarsa
kadhawuhan tapa ngidang, yaiku tapane sing kaya patrape kidang ing tengah alas.
Mung mangan gegodhongan lan suket. Dewi Anjani kadhawuhan tapa ing pinggir
telaga, ora kena mangan yen ana pangan kang tumuba saka langit.
Kacarita nalika Bathara Guru lagi niti priksa ngubengi
jagad, tuwuh welase priksa kahanane Dewi Anjani, banjur nibakake godhong sinom.
Sawise dhahar godhong sinom, Dewi Anjani ngandhut lan nglairake putra kakung,
wujude kethek putih kaparingan nama Anoman.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar