Sabtu, 02 Januari 2016

Pranatamangsa

PRANATAMANGSA

Mula bukane ana petungan pranatamangsa kuwi kapethik, saka sejarahe para ratu ing Karaton Kasunanan Surakarta, pranatamangsa wiwit digunakake ing taun 1856 M, sing nulis wiwitan petungan pranatamangsa yaiku Sunan Pakubuwana VII, ancas/tujuane petungan pranatamangsa iki dingo tetenger lan pathokan para tani. Anggone ngolah tetanen, lan ing tanggal 22 Juni 1856 dadi tanggal wiwitane petungan pranatamangsa sing urut-urutane kayata:
1.   Mangsa Kasa, wiwit tanggal 22 Juni-1 Agustus, umure 41 dina. Candrane: Sotya Murca ing embanan, yaiku masane gegodhongan padha runtuh, wit-witan padha pruthul. Ing mangsa iki para juru tani wiwit ngobongi dmen, sawah padha ditanduri palawija, jagung, tela, lan sakpanunggalane.
2.   Mangsa Karo, wiwit tanggal 2 Agustus-24 Agustus, umure 23 dina. Candrane: bantala rengka, yaiku mangsane lemah padha garing lan mlethek. Ing mangsa iki palawija wiwit padha thukul, wit randu lan pelem padha tingis godhonge.
3.   Mangsa Katelu (Katiga), wiwit tanggal 25 Agustus-18 September, umure 24 dina. Candrane: suta manut ing bapa, yaiku masane lemah ora bisa ditanduri awit langka banyune. Ing mangsa iki para tani panen palawija, wit pring, uwi, gadhung, kunir wiwit padha thukul.
4.   Mangsa Kapat, wiwit tanggal 19 September-13 Oktober, umure 24 dina. Candrane: waspa kumembang jroning kalbu. Ing masa iki sawah-sawah wis ora ana tandurane awit wis angel banyu. Ng masa iki wir ranu wiwit padha awoh. Manuk emprit lan manyar wiwit pada ngendhog.
5.   Mangsa Kalima, wiwit tanggal 14 Oktober-9 November, umure 24 dina. Candrane: pancuran emas sumawur ing jagad, yaiku masane wiwit ana udan maneh. Ing masa iki wit asem wiwit padha tingis godhonge. Kunir, gadung godhonge pating ngrembuyung. Ula lan uler wiwit padha metu, udan wiwit deres.
6.   Mangsa Kanem, wiwit tanggal 10 November-22 Desember, umure 43 dina. Candrane: rasa mulya kasucen, yaiku masane para tani nggarap sawah lan nyebar bibit, akeh woh-wohan. Manuk blibis wis wiwit katon. Ing masa iki para tani wiwit nggaru sawahe, wit rambutan lan pelem padha mateng.
7.   Mangsa Kapitu, wiwit 23 Desember-3 Februari, umure 43 dina. Candrane: wisa kentar ing maruta, yaiku masane para tani nandur pari ing sawah, akeh udan, kali-kali padha banjir. Ing masa iki akeh kali padha banjir, angine banter, lan masane akeh lelara.
8.   Mangsa Kawolu, wiwit tanggal 4 Februari-28 Februari, umure 26 dina. Candrane: anjrah jroning kayun, yaiku masane kucing padha gandhik (kawin). Ing masa iki wit par iwis padha dhuwur lan wiwit awoh. Wiwit ana bledheg.
9.   Mangsa Kasanga, wiwit tanggal 1 Maret-25 Maret, umure 25 dina. Candrane: wedharing wacana mulya, yaiku masane pari padha kembang, jangkrik wiwit padha metu, tongteret wiwit padha mulai muni.
10.                Mangsa Kasapuluh, wiwit tanggal 26 Maret-18 April, umure 24 dina. Candrane: gedhong minep jroning kalbu, yaiku masane pari padha kuning, akeh kewan bunting, manuk-manuk padha angrem lan netes.
11.                Mangsa Destha, wiwit tanggal 19 April-11 Mei, umure 23 dina. Candrane: sotya sinarawedi, yaiku masane panen pari.
12.                Mangsa Sadddha, wiwit tanggal 2 Mei-21 Juni, umure 41 dina. Candrane: tirta sah saking sasana, yaiku masane para tani mepe parine, sawah mung kari damene.
(Sumber Lks Basa Jawa kelas XI)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar