Kamis, 07 Januari 2016

Undha-usuk basa Jawa

Undha-Usuk Basa Jawa
          Ing jaman ingkang sarwi cangking sakpunika, kathah tiyang Jawi ingkang sampun boten mangertos bab undha usuk basa, mila kathah guneman antawisipun tiyang nem-neman ingkang tansah ngoko menawi ngendikan kaliyan ingkang sepuh. Undha-usuk basa punika saged dipuntegesi tataran utawi tingkatan panganggening basa saking basa ingkang kasar ngantos dumugi basa ingkang paling alus. Ing ngandhap punika sakperangan panganggenipun undha usuk basa Jawi, kadosta:
1.    Basa ngoko, tetembungan basa ngoko adatipun kaginakaken salebeting pacelathon utawi pangandikan ingkang:
a.    Kaginakaken antawisipun ingkang kalenggaahanipun sami, nemipun sami.
b.    Kaginakaken antawisipun ingkang sampun tepang raket.
c.    Kaginakaken antawisipun ingkang sepuh kaliyan ingkang taksih enem, lan sangandhapipun
d.    Kaginakaken salebeting pangudaraos salebeting manah.
e.    Kaginakaken kinarya tembung pisuhan (rikala duka).
Tuladhanipun: Mas apa kowe wis mangan?
2.    Basa ngoko alus, tetembungan basa ngoko ingkang kacampuran tetembungan basa krama inggil, basa ngoko alus adatipun kaginakaken salebeting pacelathon kanca raket nanging taksih wonten raos ngajeni tumrap sanesipun.
Tuladhanipun: mas apa panjenengan wis dhahar?
Salebeting ukara ing nginggil sakperangan tembung ngoko kasulih dados tembung krama inggil, minangka sarana asung pakurmatan tumrap dipunajak guneman.
Ngoko-kowe
Krama-sampeyan
Krama inggil-panjenengan
3.    Basa krama, tetembungan basa krama adatipun kaginakaken salebeting pangandikan ingkang sipatipun setengah resmi, tegesipun tetembungan ingkang kaginakaken kalebet golongan tembung-tembung krama lan adatipun panambang utawi sakperangan ater-ater ingkang kaginakaken taksih ngoko.
Tuladhanipun: Mas punapa sampeyan sampun dhahar?
4.    Basa krama inggil, tetembungan basa krama inggil adatipun kaginakaken salebeting pacelathon utawi pangandikan ingkang:
a.    Pangandikan tumraping lare anem dhumateng kasepuhan, bapak, ibu, pakdhe, lsp.
b.    Pangandikan tumraping siswa marang guru.
c.    Pawongan sanes ingkang dereng tepang raket.
d.    Pangandikan wonten ngarsanipun tiyang kathah, pambiwara, sesorah, lsp.

Tuladhanipun: Mas punapa panjenengan sampun dhahar?

(sumber: Lks Basa Jawa XI)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar