Rurabasa
Rurabasa yaiku tembung sing
ajeg lan sering digunakake sanajan salah kaprah.
1.
Adang esuk :
adang sega wayah esuk
2.
Adang sega :
adang beras supaya dadi sega
3.
Bakul jangan :
wong dodol keperluane masak
4.
Jaga gerdhu :
jaga keamanan manggon ing gerdhu
5.
Mangan awan :
mangan sega wayah awan
6.
Mbathik sewek : mbathik mori supaya dadi sewek
7.
Mbunteli tempe : mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe
8.
Menek klapa :
menek wit klapa
9.
Mikul soto :
mikul kawali isine soto
10.
Ndhudhuk sumur : ndhudhuk lemah digawe sumur
11.
Njahit klambi :njahit kain supaya dadi klambi
12.
Negor klapa :
negor wit klapa
13.
Nenun sarung :
nenun benang supaya dadi jadah
14.
Netel jadah :
netel ketan mateng supaya dadi jadah
15.
Ngekum landha : ngekum arenge merang supaya dadi landha
16.
Nganam klasa :
ngenam mendhong/pandhan supaya dadi klasa
17.
Angenam kepang : ngenam pring/rambut supaya dadi kepang (rambut klabangan)
18.
Ngenam sesek :
ngenam silatan pring supaya dadi sesek
19.
Nglinting rokok : nglinting klobot karo mbako supaya dadi rokok
20.
Nulis laying :
nulisi dluwang supaya dadi laying
21.
Nunggu manuk :
nunggu sawah supaya parine ora di pangan manuk
22.
Tangi turu :
melek bar turu
(Sumber: Pepak basa jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar