Rabu, 06 Januari 2016

Sandi Asma

Sandi Asma

          Salebeting kasusastran Jawi, tembang macapat anggenipun nyerat asma panganggit wonten kalih warni. Wonten ingkang dipun serat kanthi cetha sinten asma panganggitipun, wonten ugi ingkang dipun serat sarana sinandi ingkang lajeng kawastanan sandi asma. Panganggit ingkang nyerat asmanipun kanthi cetha kadosta KGPAA Mangkunegara IV ing Serat Tripama lan Serat Wulangreh. Karya sastra sanesipun ingkang dipun serat kanthi cetha asma panganggitiun  antawisipun: Serat Cemporet, Serat Aji Pamasa, Serat Wirawiyata, lan Serat Prana Citra. Pujanggang Jawa ingkang asring ngginakaken sesinglon utawi sandi asma inggih menika R.Ng. Ronggowarsita.
          Salebeting teks, panyerat saged nyerat asmanipun kanthi samar utawi sinandi kanthi ngginakaken sandi asma. Sandi asma kathah warninipun inggih menika: wiwitanipun padha/gatra sepisanan, wiwitanipun gatra, wiwitan lan pungkasaning gatra, tengah-tengahing gatra lan gatra pungkasan. Sandi asma saged dipun panggihi ing karya tembang, antawisipun: serat jayeng baya, serat wirid sopanalaya, sabda pranawa, kalatidha lan jaka lodhang.
Tuladha:
1.   Serat Jayeng Baya
Kidung kadresning kapti
Yayah nglomong tanpa masa
Ingan silarja jatine,
Satata samaptaptinya,
Raket rakiting ruksa,
Tahan tumenaming siku
Karasuk sakeh kasrakat.
2.   Serat Kalatidha
Sageda sabar santosa
Mati sajroning ngaurip
Kalis ing reh aruraha
Murka angkara sumingkir
Tarlen meleng malat sih
Sanityaseng tyas mematuh
Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawetawis
BoRONG angGA saWARga meSI marTAya

(Sumber: Lks Basa Jawa XI)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar