Wara-Wara
Wara-wara nduweni teges
aweh weruh, ngumumake, lan kandha-kandha marang wong liya. Tujuane wara-wara
yaiku menehi ngerti utawa weruh marang sapa wae ngenani sawijining bab.
Dene syarat nggawe
wara-wara kaya ing ngisor iki:
1.
Basa kang digunakake kudu nduweni teges
wantah (jelas dan tegas)
2.
Tembung-tembung cekak aos
3.
Isine medharake sawijining bab kanthi
jangkep supaya kang maca gamblang apa kang dikarepake
4.
Isine ngemu surasa pangajak, panyaruwe,
larangan, lsp
5.
Beger lan isine kudu bisa narik kawigaten
sapa wae
Tuladha:
Wara-wara
Wigati
Minangka tataran ajange
maca lan nulis basa lan sastra Jawa, Panitia Peringatan Tanggap Warsa kaping 60
SMP Negeri 04 Kepanjen ngadani lomba ngarang geguritan.
Dene syarat-syarate melu
lomba kaya ing ngisor iki
1.
Pesert lomba siswa SMP N 04 Kepanjen kelas
VII-IX
2.
Naskah geguritan asli karyane dhewe
3.
Naskah geguritan durung tau dipacak ing
koran utawa majalah
4.
Naskah dikirim menyang panitia lomba ngarang
lan maca geguritan jawa
5.
Naskah geguritan uga dikantheni data peserta
(jeneng, tempat lan tanggal lair, tamat, telepon)
6.
Naskah ditunggu dening panitia paling keri
tanggal 19 Agustus 2012
7.
Ayo rame-rame melu lomba! Kanggo ngisi wektu
kosong ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan sastra Jawa
Panitia
Ngarang lan Maca Geguritan Jawa
(sumber:
pepak basa jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar