Sabtu, 16 Januari 2016

Cerkak

Ora Salawase Kamboja Nggawa Sungkawa
Aku nemokake maneh kembang kamboja ing plataran omah. Kembang sing saiki meh saben esuk ana ing jogan omah. Ora ana wit kamboja ing ngarep omah. Sing ana mung kuburan umum ing 1 km saka omah. Menawa dipikir nganggo logika, ora prakara angin bisa nggawa kembang munggah ing plataran omah saben dina. Dina-dina esuke, aku nemu kembang kamboja maneh. Kapetung wis meh sangang dina iku tansah ana ing plataran omah. Iki mesthi sing disengaja, nanging sapa wong sing sengaja menehi kembang kamboja ing ngarep omah? Apa tujuane? " HM ... aku ora ngerti " pikirku.
*** Meh saben dina aku njupuki kembang kuwi lan meh saben dina uga aku ngumpulake tak lebokake ana ing toples sing tak wenehi banyu lan tak dokon ana ing ndhuwur meja ing kamarku. Ora lali saben telung dina sapisan aku ngganti banyune lan kamboja sing wis mati tak buang. Saben dina kembang kamboja ing toples iku ngancani dina-dinaku, meh saben dina aku ndeleng lan kamboja iku dadi bagian sing ora kapisah nang uripku. Saiki wis telung sasi kembang iku ngancani aku.
Saiki piye carane kembang iku bisa saben dina ana ing plataran omahku wis ora tak pikir maneh, malah saiki meh saben esuk sakwise sholat subuh aku langsung kesusu menyang palataran omah kanggo njupuk kembang iku. Tak jupuk, tak simpen ing njero toples, tak pandeng, lan mesthi aku bakal mesem. Aku ora bosen meh saben esuk nglakokake kuwi. Ibuku sing mirsani nganti kaget lan bingung karo aku. " Nduk ... apa ora bosen? Saben dina kowe njupuki kembang kuwi lan didalah ana ing toples lan kowe mandengi iku ya? Kowe kenapa ta?"
" Ora apa-apa bu, aku ora ngerti kepriye aku ngrasakna nek kembang iku menehi semangat ing uripku lan bakal ngancani aku terus bu"
“Apa kowe ngarti sapa sing saben esuk menehi kamboja ing plataran omah?" " Hm ... aku ora ngerti bu, aku ora ngerti sapa sing menehi kembang iku. Saiki aku uga ora pengin ngerti bu.”
" Ati - Ati ya nduk , sapa ngerti ana sing niat ora apik marang kaluarga kita, lan kembang kuwi dadi sesajene "
" Ora bu, jaman saiki kok isih mikirke bab kaya mengkono bu" " Ya ... sapa ngerti kaya ngono"
" Khusnudzon wae bu, kaluarga kita ora due masalah lan musuh karo wong liya, dadi ya ora ana sing wani ala maring kita. Sing penting kita terus njaluk marang Gusti Allah pangayoman supaya terus dijaga bu”.
"Ia Nduk, muga-muga wae ora ana apa-apa".
*** Kawitan, lagi kembang iki ana ing pelataran omahku nembe pirang dina, aku mikir mengkono, aku mikir ana wong kang niat ora apik marang kaluargaku. Malah sangkin penasarane, aku tau ing salah sawijining wengi aku ora turu ngenteni ing ruang tamu lan korden jendela tak buka supaya katon sapa wong kang ndokon kembang iku. Aku meh ngenteni nganti jam papat bengi. Aku ngombe rong gelas kopi supaya mata iki ora ngantuk. Aku ngenteni lan ngenteni karo penasaran karo ngringokake lagu Mp3 saka hpku, nanging iku kabeh siya-siya. Sabanjure ana maneh kembang iku ing pelataran omah lan aku ora ngerti sapa sing ngirim. Dina sabanjure aku uga nyoba kanggo mbaleni maneh aku ora turu lan ngenteni pangirim kembang iku. asile ... tetep nihil. Lan parahe, aku malah mriang amarga kurang turu lan kakehen ngombe kopi. Saka kedadean iku, aku ora mbaleni maneh ngenteni pangirim kembang kamboja. Toh, mengkone ya bakal bosen dewek. Tapi nyatane, nganti wulanan tetep saben esuk isih ana kembang kamboja iku ing plataran omah, aku ya ora bosen njupuki kembang iku lan tak simpen ana ing kamarku sadurunge kembang iku layu.
*** Esuk kuwi, aku sing saben dinane mbantu ibu njaga toko kelontong ing ngarep omah wiwit esuk nganti sore, dina iki ora konsentrasi amarga omongan lagi wengi karo bapak lan ibuku. Bapak lan ibu ngendikan bab aku kang wis cukup umur kanggo urip rumahtangga. Apa maneh bapak ngendikan menawa Kang Afwan tanggaku ngarep omah wis nglamar aku. Bapak setuju amarga weruh Kang Afwan sing saiki wis mateng umur, sifat, agama, lan gaweane. Aku sing Cuma lulus SMP ora muluk-muluk nang golek calon bojo. Sing paling penting apik, seagama, lan tanggung Jawab. Aku nrima lamaran Kang Afwan, apamaneh kita wis kenal cedak wiwit cilik, utawa wae wiwit bayi amarga omahe sing cedak persis ngarep omahku.
*** Kabeh persiapan wis disiapke, insya Allah kita bakal nganaake pesta ing sasi saka Sawal sawise Bada. Tegese ana sasi siji setengah kanthi rong wulan ngelingi wulan puasa wis perek.
" Nduk , sesuk sakwise dzuhur warunge di tutup dhisik ya "
" lha, ana apa tah bu? "
"ngene, nak Afwan arep ngajak kowe kanggo golek ali-ali kanggo kawinanmu mengko"
"Loh, ko ora kandha langsung karo aku bu? "
" mau nak Afwan nelpon ibu, takon kowe. Nanging ibu ngomong yen kowe lagi sibuk ing toko, dadi nak Afwan namung ninggalake pesen marang ibu kanggo kowe. Jemuah esuk nak Afwan arep marang Magelang dhisik, sakwise balik saka Magelang langsung methuk kowe ana ing kene. "
"Oh ngono, ya bu"
*** Nalika mbenerake pita ing rambutku, aku ngenteni Kang Afwan teka . kang Afwan Janji bakal teka jam 13:30, nanging saiki wis jam 14.00 liwat Kang Afwan ora katon teka. " ndean dalan lagi macet " batinku . Aku iki njagong lan ngadeg nganti sue sapa ngerti Kang Afwan katon . Nanging Kang Afwan ora ana. Persis ing jam 14.30 ana Arga, adine Kang Afwanngetokake sepedha motor sing omahe. Aku age-age nyedhaki Arga. " Arga, kowe arep menyang endi? Kang Afwan durung balik?" takonku " Kang Afwan ? Emm ... anu ... sing ... emmm .... durung mbak.... " Arga ngomong karo keder. " kowe kenapa ta? Kok ketok runtag kaya ngono? "
" mbak...ngene...haduh... piye ya ... "
" Kena apa tah kowe, kok kaya ngono? "
" Ayo lah mbak, melu wae karo aku, sedhelat kok "
" lha arep menyang endi? Aku wis janjian karo kang Afwan, nek kangmasmu balik piye?"
“Ora papa mba, ayo cepetan mba, mengko tak critani nek wis anjog kana"
" marang endi ta? "
" wis mba, ayo cepet "
*** Pungkasan aku melu Arga nganggo sepedha montore. Ing dalan Arga ora gelem nggagas arep ngendi aku bakal digawa. Kita nglewati dalan gedhe. Arga nggawa motore kanthi ngebut, iku nggawe aku was-was. Akhire sawise 15 menit ana ing dalan, aku anjog ana ing rumah sakit. Arga arep apa nggawa aku menyang rumah sakit? sapa Sing lara ? apa keluargane? Kabeh pitakonan iku sing lagi tak pikirna.
Sawise mlaku ing lorong-lorong dawa rumah sakit tua iku, pungkasan kita anjog ing salah sawijining panggonan. Nanging atiku wis kaget weruh tulisan ing lawang, Arga langsung mlebu lan njerit ngundang arane Kang Afwan. Aku njagong lemes, rasane awak iki wis ora bisa di obahake, donya ketoke peteng kabeh. Sirahku ngelu banjur aku ora ngelingi apa-apa maneh.
*** Aku tangi, lan wis ana ibu ing jejerku. Jebule aku semaput lan saiki aku isih ing rumah sakit. Aku langsung kelingan Kang Afwan. Wis dikubur? Aku wis ora duwe wektu kanggo ndeleng pasuryane kang kaping pungkasan, pasuryan sing mengkone bakal tansah eseman kanggo aku lan pasuryan sing mestine dadi dekeku sakabehe. Ibu menehi aku jaket sing dinggo Kang Afwan wektu kacelakaan lan dompet sing ditemoake ing kanthong celanane. Barang-barang kuwi mau dititipake dening perawat marang ibune amarga Arga wis balik kanggo ngurusi pemakaman kakange, dadi ibune sing dititipi barang-barang kuwi. Aku ngekepi jakete Kang Afwan, isih mambu lenga wangine Kang Afwan, sing aneh ana ambu sing ngelingake aku karo kembang kamboja ing kamarku. Aneh banget, kok Kang Afwan tresna marang mambu iku. Tanganku mlebu ing kanthong jakete kang Afwan, ketoke ana sawetara kembang kamboja isih seger lan ngetokake ambu wangi. Aku meneng lan ora krasa eluhku tiba ora bisa ketahan maneh.
" Sekar, wis aja nangis, ikhlasna wae " ngendikane ibu.
" mau ana bapak tua teka mene, dheweke pengin ndeleng kowe Kar" teruse ibu. " ndeleng aku kanggo apa bu? " pitakonku.
" Dheweke kanca critane nak Afwan, dheweke kapingin weruh kaya apa bocah wadon kang tansah diwenehi kembang amboja nak Afwan. Bapak tua iku juru kunci kuburan ing daerah Magelang. Dheweke kandha menawa nak Afwan seneng banget marang kembang kamboja lan arep saben minggu nak Afwan lunga marang nggon wong tua iku kanggo njaluk kembang kamboja. Kandhane bapak tua iku nak Afwan crita menawa kembang kamboja kuwi saben dina diwenehake marang pepujaning atine. Yen mangkono, apa iku brati salawase iki nak Afwan sing ndokon kembang kamboja ing plataran omah kita nduk?”
Aku ora njawab maneh, aku nangis, eluhku tumetes banter banget. Kembang kamboja ... saben dina ... Kang Afwan ... alon-alon ukara-ukara iku ana ing pikiranku. Jebule salawase iki kang Afwan sing ngirimake kamboja saben dina. Ora wiwit wingi-wingi aku ngerti supaya aku bisa ngomong matur nuwun amarga kamboja iku wis ngancani dina-dinaku. Saiki wis ora ana maneh wong sing ngirimake kembang saben esuk. Aku kaya kelangan separo atiku. Lara rasane. Sirahku balik meneh mumet lan aku ora eling apa-apa meneh.

  (sumber: panjebar semangat)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar