Adegan
ing Pewayangan
Ing
pagelaran wayang nggadahi adegan-adegan baku ingkang kedah wonten ing pagelaran
jangkep (sawengi natas), inggih menika:
1) Jejer : adegan ratu, dladhep ing
patih, putra sentana lan punggawa, gunem apa sing dadi sedyane.
2) Kedhatonan : sang prabu jegkar, mlebu ing kedhaton,
dipethukaken prameswari.
3) Paseban
njaba : patih ngundhakake sedya
timbalaning nata, banjur budhalan ngestokaken dhawuh, lakune padha jejaranan.
4) Jejer
sabrangan : sing mesthi adegan ratu buta,
dewa sedya ngemperi utawa padha karo ratu adegan sepisanan, uga banjur
mbudhalna wadyabala.
5) Prang
gagal : wadya balane ratu ing adegan
sepisan, tempik karo wadyabala sabrangan, dadi prang rame, nanging ora ana sing
kalah, ora ana sing menang, banjur padha simpangan.
6) Jejer
pandhita : pandhita diadhep cantrik,
dhayoh satriya sapunakawane. Rembuge. Satriya golet pituduh, winejang dening
pandhita.
7) Gara-gara : adegan para Punakawan kang saweg
ngelipur dhiri lan nglelipur bendaranipun.
8) Perang
kembang : satriya ambek utama kasengguh
mudhun sekang padhepokane pandhita linuwih, andon laku nasak alas, munggah
gunung, mudhun gunung, temurun jurang, ngunggahi pereng. Sanepane, satriya
anggayuh utama, ora wedi kangelan lan rekasa, prihatin dadya pangasahing budi,
tetep ayem, jenjem, tentrem, mamrih santisaning karsa. Panglipure punakawan
papat. Lakune kepapag bala ing adegan 4 lan 5 dadi prang rame . bala nomer 4
kalah.
(Sumber: Lks Basa Jawa kelas XI)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar