Tanggap
Wacana Mengeti Dinten Kartini
Assalamu’alaikum wr.wb
Para rawuhkakung putri
ingkang satuhu kinurmatan
Pengetan dinten Kartini
punika kita adani, awit saking kadereng ngurmati lelabetanipun para pahlawan
bangsa ingkang sampun ngrumiyini katimbalan ing pangayinaning Pangeran. Para
wicaksana sampun paring sesuluh, bilih bangsa ingkang kinurmatan punika bangsa
ingkang saget ngurmati lelabetenipun para pahlawan. Kita boten remen manawi
dipun wastani bangsa utami ingkang boten kinurmat, bangsa ingkang aji.
Kanjeng Nabi Muhammad
paring dhawuh: “kaum wanita kuwi jejer dadi saka gurune negara. Yen wanita
sawijining bangsa kuwi bobrok, bakal bobrok negarane. Kula aturi menggalih,
kados pundi manawi estri sami ngangsa-asa bandha, tansah ndhesek kakunge dipun
uja kamurkaning bab bandha. Kakung mesthi badhe tumindhak nalisir saking
samesthinipun. Ingkang wonten kalodhangan lajeng sami korupsi, nguleri bandha
negari.
Pararawuh, dene kewajiban
pawestri ingkang makaten wau dipun gesangaken malih lan dipun pandhengi dening
Raden Ajeng Kartini. Panjenenganipun pengin mulihaken hakipun kaum estri
ingkang jaman samanten dipun rampas dening penjajah. Raden Ajeng Kartini boten
namung berjuang kangge kelompok lan golonganipun. Senajan panjenenganipun
golongan bangsawan, nanging perjuanganipun kangge kawula sedaya.
Panjenenganipun ada-ada utawi ngadani Sekolah Pawestri, supados tiyang estri
ugi pinter kados tiyang kakung. Manawi sampun pinter, boten badhe nguja
kekajenganipun penjajah,mesti badhe mbangkang dipun jajah, satemah kaum wanita
tangi, gumregah, sesarengan kaliyan kakung sami berjuang merdikakaken
bangsanipun.
Nanging ing akhir-akhir
punika, eba sedhihipun Raden Ajeng Kartini, awit sareng sampun kasil
perjuanganipun, kepara-para putri sami klintu arahipun. Sedaya kepengin dipun
sami kaliyan priya. Setamah ngantos boten wonten wates antawisipun priya lan
wanita.
Sinaosa Raden Ajeng Kartini
berjuang nuju emasnipasi/hak sami antawisipun priya lan wanita, nanging tetep
anut kodrat boten sami kaliyan priya. Tetep kakung punika pemimpinipun wanita.
Bapak tetep minangka pemimpin rumah tangga.
Ing wusana, manga sami
ndedonga mugi-mugi gegayuhan luhuripun Raden Ajeng Kartini, saged tansah kajiwa
wonten ing pribadinipun Kartini Kartini jaman samangke, sahengga ambabar ganda
arum nuju kuncaranipun bangsa Nusantara.
Makaten, sedaya kalepatan
nyuwun pangapunten, Matur Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb
(Sumber:
Pepak Basa Jawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar