Rabu, 06 Januari 2016

silah-silahing tembung lan ukara

v  Silah-silahing Tembung
Miturut golonganing tembung ana 10 warna:
1.    Tembung Aran (Kata Benda)
Contone: Meja, kursi, lemari, radio, lsp
2.    Tembung Kriya
Contone: nulis , maca, nyapu, mangan, ngombe, mlayu, lsp
3.    Tembung Ganti (Kata Ganti)
Contone: aku, kowe, ku, dheweke, lsp
4.    Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Contone: telu, setengah, siji, akeh, lsp
5.    Tembung sifat/kahanan (Kata Sifat)
Contone: bagus, susah, apik, seneng, lsp
6.    Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Contone: kene, ndhuwur, wetan, lsp
7.    Tembung Seru/Pangguwuh (Kata Seru)
Contone: wah, aduh, tulung, eh, lsp
8.    Tembung Sandhangan (Kata Sandang)
Contone: Sang, Hyang, Raden, Kyai, lsp
9.    Tembung Panyambung (Kata Sambung)
Contone: sarta, lan, wusana, mulane, lsp
10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Contone: ing, saka, ing, menyang, lsp

v  Silah-silahing Ukara
Silah-silahing ukara sing perlu diweruhi ana 6 werna, yaiku:
1.    Ukara Kandha (Kalimat Langsung)
Yaiku ukara sing ngandhakake omongan liya kanthi persis.
Contone:
-bapak ngendika “sesuk aku menyang Solo”
-“kowe kudu sing sregep sinau” dhawuhe ibu.
     2. Ukara Crita (kalimat tak Langsung)
          Yaiku ukara sing nyritakake omogan liyan mung sarine/ringkase bae
          Contone:
          -Tini takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.
          -ngendikane guru, yen sregep sinau mesthi pinter.
     3. Ukara Tindak/Tanduk (Ukara Aktif)
          Yaiku ukara sing jejere nindakake pegawean.
          Contone:
          -Ibu mundhut jajan kanggo tukang.
          -Rudi ngundhuh Jamu.
    4. Ukara Tanggap (kalimat Pasif)
          Ukara sing jejere dikenani pegaweyan.
          Contone:
          -sarunge dikrikiti tikus.
          -jajane dirubung semut
    5. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
          Contone:
          -jupukna tasku ing dhuwur kursi kuwi.
          -balekna buku iki menyang omahe Budi
    6. Ukara Panjaluk (Kalimat Permohonan)
          Contone:
          -coba kowe mreneya dak kandhani
          -tulung aku penekna blimbing kuwi

 (sumber: pepak basa jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar