Chandrane Manungsa
Alise : nanggal
sapisan
Astane : nggandewa
gadhing
Athi-athine : ngudhup
turi
Awake : ramping
Bangkekane : nawon
kemit
Bathuke : nyela
cendhane
Bokonge : manjang
ngilang
Brengose : nglaler
menclok, nguler keket
Cahyane : ngalentrih,
sumunu, sumunar
Dedege : ngringin
sungsang
Drijine : mucuk ri
Eseme : pahit madu,
kaya madu, pinastika
Godheke : simbar
rumembun
Gulune : ngolan-olan,
ngelung gadung
Idepe : tumenga ing
tawang
Irunge : mbangir,
kencana pinantar, ngudup mlati
Jangkahe : njalak
njrinjing
Jempolane : ngendas
ula
Kempole : ngembang
pudhak, nyikil/nyutang walang
Lakune : mager timun,
macan luwe
Lambehane : mblarak
sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
Lambene : nggula
satemplik, manggis karengat
Lengene : nggandhewa
pinentang
Mripate : ndamar
kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
Netrane : liyep
alindri
Pakulitane : ireng
manis, ngulit langsep
Pamulune : prada
binabar, ambengle kiris
Pawakane : ramping, gagah
pidegsa
Pipine : duren
sajuring
Polatane : ruruh
jatmika
Praene : sumunar
Pundhake : nraju mas
Pupune : mukang
gangsir
Rambute : ngembang
bakung, ngandan-andan
Sinome : mbibis mabur,
micis wuncar
Slirane : sedhet
singset
Solahe : merak ati
Susune : nyengkir
gading
Swarane : ngombak
banyu
Tangane : nggendewa
pinentang
Tungkake : bunder lir
jinangka
Untune : miji timun,
ngelar kombang
Ulate : sumeh /
sumunar
Wange : nyangkal
putung, ngungkal gerang
Watake : andhap asor
Tidak ada komentar:
Posting Komentar