Jumat, 15 Januari 2016

Carita Gatotkaca Gugur

GATOTKACA GUGUR

Ing Pasanggrahan para pandawa saweg njagi kangge ngadhepi perang bratayuda. Puntadewa, Arjuna, Permadi, Nakula lan Sadewa lenggahan ing pakuwun ngadhep Batara Kresna, namung Werkudara ingkang boten ketingal merga Werkudara taksih ngadhepi perang tandhing ing samudra selatan. Para pandawa sampun ngantos nirukaken watekipun para kurawa ingkang nggadahi watak angkara murka. Pandawa kedah nggadahi watek budhi pakerti, watek utama ingkang perwira. Ing wanci ndalu kurawa ngirimaken senopati. Adipati Karna ngamuk punggung nrebas lan hancuraken perkemahan pasukan Pandawa ing garda ngajeng ingkang njagi perkemahan boten saged ngalahaken Krida Sang Adipati Karno. Pawartos menika dumugi dhateng perkemahanipun Pandawa Mandalayuda. Prabu Kresna mangertosi sinten ingkang saged ngatasi masalah menika, inggih menika putra pringgondani “Gatotkaca”. Prabu kresna nyuwun izin kaliyan Werkudara yen putranipu menika dipun dadosaken prajurit kangge ngadepi musuh ing wanci ndalu menika. Werkudara bingung kaliyan panyuwune Kresna menika, kanging menapa kedah Gatotkaca ingkang dados senopati ing wanci ndalu menika. Prabu Kresna njlentrehaken menawi Gatotkaca gadhah paningal Suryakanta ingkang saged ningali kanthi cetha ing wanci ndalu lan kotang Antrakusuma ingkang saged nyorot kanthi nyinari sekelilingipun. Werkudara taksih ragu merga menika perang ageng ingkang saged mbahayakaen sanget. Prabu kresna nyakinaken dhumaten Werkudara menawi Gatotkaca gugur, Gatotkaca pejahe mbela Negara. Pejah kanthi sae dados kusuma bangsa sanes pejah sia-sia. Naminipun mangke selalunipun dipun kenang dados pahlawan. Akhiripun Werkudara maringi izin yen Gatotkaca dados senopati kangge ngadepi musuh ing peperangan. Gatotkaca dipuntimbali kangge ngadhep Prabu kresna. Kresna matur dhumateng Gatotkaca ingkang saged mbendhung serangan Adipati Karna menika namung piyambake ingkang gadhah kesekten. Mangertosi perkawis mekaten, yen Gatotkaca dipun paring kahormatan inggih menika dipun dhawuhi dados senopati, Gatotkaca seneng sanget. Merga yen dados senopati piyambake saged mbela Negara, mbela keadilan. Gatotkaca pamitan kaliyan Kresna lan sesepuh liyane.
Gatotkaca ugi pamitan kaliyan ibunipun inggih menika Dewi Arimbi lan pamanipun (Kyai Brojolamatan lan Kyai Brojowikalpo) Gatotkaca nyuwun do’a restu kangge ngadhepi perang. gatotkaca dipunparingi udhet dening ibunipun ingkang dipun talikaken ing puseripun Gatotkaca.
Wanci ndalu menika kadadosan perang ingkang ageng. Wonten kalih pasukan ingkang awujud raksasa saling nyerang kaliyan swara raungan. Obor ing asta kiwa lan senjata ing asta tengen. Gerakipun mobat-mabtit. Gemerlap pedang ingkang mantul saking cahya obor berkilat kadasta petir ingkang nyambar-nyambar.
Gatotkaca ugi nglakukaken aksine, gerakane ingkang katingal kadasta kilat yaiku wujud Gatotkaca seribu. Astanipun nyambar-nyambar ing mustakane lawan. Sraya saking negara naklukaken Awangga ingkang sampun boten gadhah daya. Boten namung musuh ingkang nilar, ananging paman Gatotkaca ugi nilar merga kecepatan gerakanipun Gatotkaca. Gatotkaca paningalipun ing wanci ndalu ingkang boten patiya jelas lan sami-sami awujud raksasa. Adipati Karna kedah ngadhepi Gatotkaca piyambakan merga prajuritipun sampun sami kalah. Gatotkaca lan Adipati Karna adu kesekten lan kekiyatan. Karna ngangge ajianipun Kalalupa. Awujud raksasa medal saking telapak tanganipun karna makin kathah. Gatotkaca dipun kerubut dening raksasa ingkang perawakanipun sami, Gatotkaca dados bingung. Gatotkaca nyerang balik kaliyan aji narantaka warisan sang resi seta. Kobaran geni nyambar saking astanipun Gatotkaca, kobarin makin hebat padang Kurusetra. Semburan api kaliyan gemurus keras ngicalaken raksasa jadian ingkang medal saking astanipun Karna. Adipati Karna mundur semerep semburan dahsyat geni ingkang medal saking ajian narantaka Gatotkaca. Adipati Karna ngubah caranipun perang kaliyan cara munggah kereta Jatisura. Ing nginggil kereta Adipati Karna nyiapaken senjata kunta druwasa. Waspada yen Gatotkaca semerep Karna ngginakaken senjata kunta druwasa lan Karna badhe nglepasaken anak panah dhumateng Gatotkaca. Gatotkaca ngindari kaliyan mabur luwih nginggil. Kalabendana, pamanipun Gatotkaca, sang raksasa boncel ingkang sampun nilar. Kalabendana taksih setia nunggu sang ponakan ing alam madyantara. Kalabendana badhe njemput sang ponakan, sesampunipun perang bratayuda berlangsung. Kalabendana siap keliling ing nginggil Tegal Kuru ing wanci ndalu menika. Gatotkaca kaget semerep sang paman dumugi ing nginggil awan kaliyan mbekta kyai kunta druwasa ing hampir ngenani awakipun Gatotkaca. Pamanipun ngendika dhumateng Gatotkaca “anakku Gatotkaca, sampun wancinipun paman njemput. Ayo anakku, aku gandeng astanipun sampeyan nuju suwarga”.
Gatotkaca boten nolak ajakanipun paman, nanging Gatotkaca kepenging ingkang piyambakipun nilar mbekta korban ing pihak musuh kanthi kathah ing perang wanci ndalu menika. Dipunarahaken pusaka kunta ing puser Gatotkaca, melayang sukma Gatotkaca. Kalabendana lan Gatotkaca sampun mlebet suwarga sesarengan. Raga Gatotkaca melesat nuju medan perang ing ngandhap punika. Raga Gatotkaca nimpa kreta Adipati Karna. remuk kreta Jatisura kanging awakipun Gatotkaca, Adipati Karna nilar. Ing babagan akhir pagelaran wayang menika wonten sosok semar ingkang nyatakaken Gatotkaca sampun gugur ninggalaken name ingkang harum ing Nusa, Bangsa lan Negara.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar