Sabtu, 02 Januari 2016

Wacana

Patih Gajah Mada

Ageng-agengipun Karajan Jawi ing kina-kina, punika boten kados nalika jaman karaton Majapahit. Kombul-kombulipun Majapahit, tanah ingkang samangke nama nusantara, punika meh sedaya dados setunggal kaliyan Majapahit. Nalika ingkang jumeneng ratu jejuluk Brawijaya, patihipun nama Gajahmada, punika saged sanget panyepengipun bangbang pangalaum-alum praja, inggih tumrap dhateng paprentahan salebeting nigari piyambak, saha ingkang dhateng sajawining rangkah Majapahit. Dalah dhateng sariranipun Prabu Brawijaya, Patih Gajah Mada saged sanget amrangkani, tuwin ngaturi pamrayogi ingkang adaml senipun ing nigari dalah rakyat saumumipun.
Nalika samanten nigari Majapahit misuwur gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Awit saking tuntunanipun Patih Gajah Mada, para punggawaning praja kalebet para senapati, sami setya tuhu saha kendel ing prang, ingkang dados idham-idhamanipun namung mamrih misuwuring nigari, nusa tuwin bangsa.
Rakyat waradin sami ayem tentrem, amargi boten kekirangan sandhang tedha. Maletik pikiranipun pados pangupajiwa dhateng liyan praja, ingkag kathah sami aro aroyaman among dagang, anggenipun lelayaran ngantos dumugi ing tanah Malakah, Siyem, Cempa, Birmah, Indhu ngajeng saha Indhu wingking malah dumugi ing pulo Madhagaskar.
(Sumber Lks Basa Jawa kelas XI)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar