tembung-tembung wonten ing
basa jawa
Tembung yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk
kang ngemut teges lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka
jroning tutuk tur ngemut teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken
swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora
kalebu tembung.
Tembung ing basa Jawa bisa dibedakake dadi:
1. Tembung lingga
Tembung lingga (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang
durung oleh tambahan (imbuhan) apa-apa. Ana uga kang ngarani
tembung lingga iku, tembung sing isih wungkul isi wantah, utawa isih
asli, jalaran tembung iku durung oleh kawuwuhan apa-apa
utawa durung oleh ater-ater, seselan apa dene panambang.
Tuladha:
tangi, angkut, gelis, bali, katon, lan liya-liyane.
tangi, angkut, gelis, bali, katon, lan liya-liyane.
2. Tembung wod
Tembung wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda sing wis ngemu teges
utawa surasa.
Tuladha:
byak, tir, ring, cis, rong, bleng, cet, pil, tho, bom, lan liya-liyane.
3. Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale, amarga wis
oleh ater-ater, seselan utawa panambang.
Tuladha:
makani, ditangisi, menehake, tinuku, lan liya-liyane.
4. Tembung Yogya Swara
Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji,
sing ngarep tiba swara "a", dene sing mburi tiba swara "i",
duweni teges lanang wadon.
Tuladha:
a. mahasiswa-mahasiswi
b. gandarwa-gandarwi
c. dewa-dewi
d. siswa-siswi
e. kedhana-kedhini
Ananging ora kabeh tembung dhapukane kaya ing dhuwur iku diarani tembung
yogya swara, sabab ana wae sing jenenge wong, kang dhapukane kaya tembung yogya
swara. Upamane: sudarna-sudarni, sukarna-sukarni, maryana-maryani. Mangka iku
dudu tembung yogya swara, sabab iku jenenge wong lan durung mesthi yen tembung
iku nuduhake lanang wadon. Amarga ana bae bocah wadon iku jenenge sukarna,
nanging kosok baline bareng bocah lanang iku jenenge sukarni.
5. Tembung Rurabasa
Tembung rurabasa yaiku rakitaning tembung kang luput, nanging wis
umum utawa lumrah, menawa dibenerake malah dadi saya salah, mula uga diarani
salah kaprah.
Tuladha:
a. nggoreng peyek
Tuladha:
a. nggoreng peyek
b. nggawe lemari
c. mbakar sate
d. negor gedhang
e. menek krambil
6. Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing dadi siji kanggo
ngurangi cacahing wandane.
Tuladha:
a. jiwa + angga = jiwangga
Tuladha:
a. jiwa + angga = jiwangga
b. lebda + ing = lebding
c. nara + endra = narendra
d. dupi + arsa = dupyarsa
7. TembungKriya
Tembungkriyayaikusakabehingtembungkangmratelakakesolahbawautawatandanggawe. Tuladha:
nandur, tangi, adus, digawa, daktuku, ngukur, lanliya-liyane.
Werna-wernane tembung kriya:
Werna-wernane tembung kriya:
a. Tembung kriya lingga yaiku tembung kriya kang isih lingga,
tegese
tembung iku during owah saka asale nanging wis duweni teges tandang
gawe. Tuladha: lunga, seba, dandan, adus, dodol, lanliya-liyane.
tembung iku during owah saka asale nanging wis duweni teges tandang
gawe. Tuladha: lunga, seba, dandan, adus, dodol, lanliya-liyane.
b. Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang oleh
ater-ater
anuswara (an-, am-, an-). Tuladha: ngudang, nimba, nyepot, methuk
lan liya-liyane.
anuswara (an-, am-, an-). Tuladha: ngudang, nimba, nyepot, methuk
lan liya-liyane.
c. Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang oleh
ater-ater
tripurusa (dak-, ko-, di-) ater-ater "ka" utawa seselan "in".
Tuladha: sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lanliya-liyane.
tripurusa (dak-, ko-, di-) ater-ater "ka" utawa seselan "in".
Tuladha: sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lanliya-liyane.
d. Tembung kriya rangkep yaiku tembung kriya kang awujud
rangkep
lan di perangana :
lan di perangana :
1. Rangkep dwi purwa yaiku tembung kriya wanda wiwitan
diucapake
kaping pindho. Tuladha: leledhang, leladi, tetedha, lelewalanliya-liyane.
kaping pindho. Tuladha: leledhang, leladi, tetedha, lelewalanliya-liyane.
2. Rangkep dwi lingga yaiku tembung lingga kang
diucapake kaping pindho.Tuladha: golek-golek, omah-omah, adoh-adoh,
etung-etung lan liya- liyane.
3. Rangkep dwi wasana yaiku tembung lingga wanda wekasan
diucapake
kaping pindho.
kaping pindho.
e. Tembung kriya transitif yaiku tembung kriya kang dibutuhake
lesan (objek)
mula uga diarani tembung kriya mawa lesan. Tuladha ing ukara:
1. Murni methuk mbakyune.
mula uga diarani tembung kriya mawa lesan. Tuladha ing ukara:
1. Murni methuk mbakyune.
2. Nuri ngirim sing matun.
3. Harno dandani sepedhane.
f. Tembung kriya intransitive (tanpa lesan) yaiku tembung
kriya kang
mbutuhake lesan.
mbutuhake lesan.
Tuladha ing ukara:
1. Pakdhe kondur ing daleme.
2. Tari nesu ing kamar.
3. Parni turu jam wolu bengi.
4. Marwoto lagi ndonga.
8. Tembung Aran
Tembung aran yaiku jenenge sakabehing apa bae kang dianggep barang.
Tembung aran kaperang:
Tembung aran kaperang:
a. Tembung aran mawujud yaiku tembung aran kang bisa ditampa
nganggo
panca indriya. Sing kagolong tembung aran mawujud upamane:
1. Jenenge wong = nuraini, sukarto, sumanto, sukini, demak lan liya-
liyane.
panca indriya. Sing kagolong tembung aran mawujud upamane:
1. Jenenge wong = nuraini, sukarto, sumanto, sukini, demak lan liya-
liyane.
2. Jenenge kutha = pacitan, ponorogo, jombang, demak, lan
liya-liyane.
3. Jenenge kewan = sapi, kebo, jaran, unta, gajah, lan liya-liyane.
4. Jenenge gunung = merbabu, lawu, slamet, tugel lan liya-liyane.
5. Jenenge barang = TV, radio, kulkas, kompor, lan liya-liyane.
b. Tembung aran mujarad (ora maujud) yaiku tembung aran kang ora bisa
ditampa ngganggo panca indriya. Tuladha: iman, kepinteran, kabudayan, keyakinan, lan liya-liyane.
b. Tembung aran mujarad (ora maujud) yaiku tembung aran kang ora bisa
ditampa ngganggo panca indriya. Tuladha: iman, kepinteran, kabudayan, keyakinan, lan liya-liyane.
9. Tembung Andhahan
Tembung Andhahan utawa kata jadianya iku tembung sing wus owah saka linggane
amarga kawuwuhi imbuhan (tembung lingga kang wus dirimbag). Pangrimbage tembung
lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri,
utawa tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat. Imbuhan
basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan
bebarengan.
1.Ater-Ater
Ater-ater (awalan) iku imbuhan kang dununge ing kiwaning tembung
utawa ing ngarep tembung. Ater-ater basa Jawa yaiku ater-ater anuswara (m-, n-,
ng-, ny-), ater-ater a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pi-, pri-, pra-, tar-,
kuma-, kami-, lan kapi-.
Tuladha:
Ater-ater anuswara
m- +
pacul macul
m- +
weling meling
n- +
tutup nutup
n- + telat
nelat
ng- + keplak
ngeplak
ng- +
kancing ngancing
ny- +
sambel nyambel
ny- +
suling nyuling
a- + wujud
awujud
a- + teges
ateges
ka- + jupuk
kajupuk
ka- + tulis
katulis
ke- + jepit
kejepit
ke- + pidak
kepidak
di- + baling
dibalang
di- + wulang
diwulang
sa- + gelas
sagelas
segelas
sa- + dina
sadina sadina
sa- + wengi
sawengi
pa- + etung
paetung petung
pa- + enget
paenget penget
pa- + warta
pawarta
pa- + laden
paladin
pi- + tutur
pitutur
pi- + wales
pinwales
pra- +
lambang pralambang
pra- +
tandha pratandha
pri- + kanca
prikanca
pri- + bumi
pribumi
tar- +
kadhang tarkadhang
tar- +
tamtu tartamtu
kuma- + lancang
kumalancang kumlancang
kuma- + ayu
kumaayu kemayu
kami- + tetep
kamitetep kapi
+ lare kapilare
2. Seselan
Seselan utawa sisipan yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung.
Seselan ing basa Jawa cacahe ana papat, yaiku –um-, -in-, -er-, -el-.
Tuladha:
Pinter + -um- puminter
kuminter
Bagus + -um-
bumagus gumagus
Cacad + -in- cinacad
Tulis + -in-
tinulis
Kelip + -er-
kerelip krelip
Gandhul + -er-
gerandhul grandhul
Titi +
-el- teliti
tliti
Kepyur + -el- kelepyur
klepyur
3. Panambang
Panambangutawaakhiran (sufiks) yaikuimbuhan sing
dumunungingburitembung. Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang
ana ing sisih kiwane (serangkai) lan ora kena kapisah. Panambang ing basa Jawa
kayata –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, lan –ake.
Tuladha:
Lara + -i
larai larani
Antem + -i
antemi
Tangi + -a
tangia
Gelem + -a
gelema
Dara + -e
darae darane
Pacul + -e
pacule
Suduk + -en
suduken
Lemes + -an
lemesan
Lungguh + -na lungguhna
jupuk + -na
jupukna
Kandha + -ana
kandhaana kandhanana
Kanca + -ana
kancanana kancanana
Tamba + -ane
tambaane tambanana
Gebug + -ane gebugane
Kendho + -ake
kendhoake kendhokake
Utang + -ake
utangake
4. Imbuhan Bebarengan
Imbuhan bebarengan iku imbuhan kang awujud ater-ater lan panambang kang
kawuwuhake ing tembung lingga kanthi bebarengan.
Tuladha:
Ka- + dhisik
+ -an
kadhisikan
Ka- + liwat
+ -an
kaliwatan
Pa- +
papring + -an
papringan
Pa- + awu
+ -an
paawuan pawon
Pa- + uwuh
+ -an
pauwuhan pawuhan
m- +
lumpat + -i
mlumpati
m- +
buwang +
-i mbuwangi
n- +
jiwit +
-i njiwiti
n- +
tutup +
-i nutupi
ng- + keplak
+
-i ngeplaki
ng- +
lungguh +
-i nglungguhi
ny- + suguh
+
-i nyuguhi
ny- + cukil
+
-i nyukili
di- +
jupuk +
-i dijupuki
di- +
tulis +
-a ditulisa
di- +
salin +
-ana disalinana
di- +
kandha + -ana
dikandhanana
di- +
wales + -ake
diwalesake
10. Tembung Lingga
Tembung lingga utawa kata asal (kata dasar) yaiku tembung kang isih
wutuh kang durung owah saka asale utawa durung rinaketan imbuhan apa-apa. Ana
kang ngarani yen tembung lingga iku tembung kang iseh wantah utawa isih asli
jalaran tembung iku durung nate kawuwuhan apa-apa. Tembung lingga bisa
kagolongake wujud bebas.tembung lingga ana kang dumadi saka sawanda, rong
wanda, utawa telung wanda. Wanda ikubasaIndonesianeategessuku kata.
Tuladha:
(a)
|
(b)
|
(c)
|
Gong
Bom
Las
cet
|
Pari
Pitik
Amben
wajan
|
Rekasa
Kulina
Kapiran
mustaka
|
Wanda basa Jawa bisa dibedakake dadi loro yaiku:
1. Wanda menga (terbuka) yaiku yen pungkasane wanda awujud vocal.
2. Wanda sigeg (tertutup) yaiku yen pungkasane wanda awujud konsonan.
Tuladha:
Rama, banting, kapisan
11. Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawa reduplikasi basa Jawa cacahe ana telu, yaiku
dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana. Tembung rangkep kasebut bakal karembug ing
ngisor iki.
1. Dwipurwa
Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrakape
purwane tembung
lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung.
Tuladha:
Bungah bubungah bebungah
Lara lalara lelara
Gaman
gagaman gegaman
Resik reresik
Tenger tetenger
2. Dwilingga
Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe
tembung
lingga iku ana kang karangkep wutuh lan ana kang
karangkep mawa
owah-owahan swara.
a. Dwilingga Wutuh
Dwilinggawutuhyaikutembunglinggakangkarangkepwutuhtanpaana
owah-owahanapa-apa. Dwilinggawutuhlumrahingaranandwilingga.
Tuladha:
Takon takon-takon
Watuk watuk-watuk
Celuk celuk-celuk
b. Dwilingga Salin Swara
Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang
karangkep mawa
owah-owahan swara. Racake kang kaowahi iku swara ing
tembung kapisan.
Tuladha:
Tokan-takon
Wotak-watuk
Celak-celuk
Ida-idu
Monas-manis
Bogas-bagus
Gelam gelem
Lora-lara
3. Dwiwasana
Dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan
utawa ngrangkep
wasanane tembung.
Tuladha:
Cingak cingakngak
cingangak cengingak
Cenges cengesnges cengenges
Cekak cekakkak
cekakakak
Cengis cengisngis cengingis
12. Homograf
Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging
pangucapane beda, lan tegese uga beda.
Tuladha:
1. a. Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. cemeng = ireng
1. a. Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. cemeng = ireng
b. Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro. cemeng = anak kucing
2. a. Yen duwe meri kudu dikandhangake. meri = anak bebek
2. a. Yen duwe meri kudu dikandhangake. meri = anak bebek
b. Kowe ora perlu meri karo adhimu. meri = ewa, iri
13. TembungTanggap
Tembung tanggap yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa
(dak, ko, di). -in-, utawa ater-ater ka-.
Tuladha:
a. dak- + pilih = dakpilih
a. dak- + pilih = dakpilih
b. ko- + gawa = kogawa
c. di- + garis = digaris
d. ka- + jaluk = kajaluk
e. tuku + -in- = tinuku
Tembung tanggap iku kaperang ana 5, yaiku:
1. Tembung tanggap utama purusa. Dene tembung iki diperang dadi 3:
a. Tanggap utama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"dak-".
a. Tanggap utama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"dak-".
Tuladha: dakjupuk, dakjiwit, dakgeret, lsp
b. Tanggap purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
panambang "-i".
b. Tanggap purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
panambang "-i".
Tuladha: dakcepaki, dakresiki, dakedusi, lsp
c. Tanggap purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
panambang "-ake".
c. Tanggap purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
panambang "-ake".
Tuladha: dakpikirake, dakwenehake, daksilihake, lsp
2. Tembung tanggap madyama purusa. Dene tembung iki kaperang 3:
a. Tanggap madyama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
ater-ater "ko-".
2. Tembung tanggap madyama purusa. Dene tembung iki kaperang 3:
a. Tanggap madyama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
ater-ater "ko-".
Tuladha: kogawe, kocokot, kocukur, lsp
b. Tanggap madyama purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"ko-" lan panambang "-i".
b. Tanggap madyama purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"ko-" lan panambang "-i".
Tuladha: korewangi, kopetani, kotumpuki, lsp
c. Tanggap madyama purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"ko-" lan panambang "ake / ke".
c. Tanggap madyama purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"ko-" lan panambang "ake / ke".
Tuladha: kopilihake, kotandhingake, kojembarake, lsp
3. Tembung tanggap pratama purusa. Dene tembung iki kaperang ana 3:
a. Tanggap pratama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
ater-ater "di-".
3. Tembung tanggap pratama purusa. Dene tembung iki kaperang ana 3:
a. Tanggap pratama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
ater-ater "di-".
Tuladha: dithuthuk, dikerok, disaut, lsp
b. Tanggap pratama purusa i-kriya yaiku tembung
lingga kang oleh ater-ater
"di-" lan panambang "-i".
"di-" lan panambang "-i".
Tuladha: dikemuli, ditutupi, lsp
c. Tanggap pratama purusa ke-kriya yaiku tembung
lingga kang oleh ater-ater
"di-" lan panambang "-ake / ke".
"di-" lan panambang "-ake / ke".
Tuladha: digolekake, dicilikake, didhuwurake, lsp
4. Tembung tanggap na.
Tembung tanggap na yaiku tembung lingga kang oleh seselan
"-in_.
Tuladha: tinata, binabar, rinangkul, lsp
5. Tembung tanggap ka.
5. Tembung tanggap ka.
Tembung tanggap ka yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
"ka-" kang
nduweni teges "dijarak".
nduweni teges "dijarak".
Tuladha: kapilih, kajupuk, katulis, lsp
14. Homonim
Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha
panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda.
Tuladha:
- Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling)
- Rehning punika kathah pandung, mila kedah ngantos-atos. (maling)
- Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu)
- Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh)
15. Tembung KeretaBasa
Tembung keretabasa yaiku tembung sing diudhari utawa dipirit,
nanging dadi mathuk karo kekarepane. Keretabasa uga diarani jarwo dhosok utawa
tembung thuk-thuk mathuk.
Tuladha:
- simah : isining omah
- tebu : antepe kalbu
- krikil : keri ing sikil
- gusti : baguse ati
16. Tembung Kosok Balen (antonim)
Tembung kosok balen yaiku tembung kang duweni teges walikan karo
tembung liyane, tembung-tembung kang kalebu antonim iku antarane:
padhang-peteng, bungah-susah, gedhe-cilik, beja-cilaka, kasar-alus, lan
sapiturute.
Tuladha:
- Bab sugih mlarat iku sejatine jatahe dhewe-dhewe.
- Kali ing Kalimantan kuwi tiga rendheng banyune ajeg
gedhe.
17. TembungKatrangan
Tembungkatranganyaikutembungkangmratelakakekatranganmarangtembungkriya,
utawasaliyanetembungaran.Amarga yen nerangake tembung aran banjur dadi tembung
kaanan.
Tuladha:
- Aisyah kerep nangis.
- Ega durung nyapu latar.
- Teronge Yu Warni isih akeh.
- Agus mrenene arang-arang.
18. Tembung tetenger
Tembung tetenger yaiku sakabehing tembung kang dienggo nyandhangi
tembung aran, panganggone ana ing sangarepe tembung aran lan ora ana teges
apa-apa. Tembung tetenger umpamane: si, sang, para, pun, ponang.
Panganggone ukara ing ngisor iki:
- Ponang jabang bayi tuhu pekik ing warni.
- Para punggawa padha cancut tali wanda.
- Sang prabu nembe duka.
- Si suta kae pancen sregep.
19. Tembung Entar
Entar tegese silih utawa ampil. Tembung entar yaiku
tembung-tembung sing duweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan
utawa ungkapan). Umpamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar
yen tegese lugu. Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake
dhengkul mau nyilih tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan
yaiku bodho banget.
Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge
20. Dasanama
Dasanama iku saka tembung “dasa” karo “nama”. Dasa tegese sepuluh,
dene nama tegese nama utawa aran. Dasanama tegese jeneng nganti sepuluh cacahe,
sanajan kurang saka sepuluh uga diarani dasanama.
Tuladha:
Kethek = wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
Banyu = warih, her, tirta, we, ranu
Ilang = nir, musna, sirna, mendra
Geni = agni, brama, latu, pawaka, dahana
Buta = reseksa, danawa, danuja, ditya, asura, diyu, kelana, wil
Kalah = kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar