Sebutane
bocah :
Ontang
– anting : anak siji lanang <> anak tunggal laki-laki
Unting
– unting : anak siji wadon <> anak tunggal perempuan
Uger
– uger lawang : anak loro lanang kabeh <> anak dua laki2 semua
Kembang
sepasang : anak loro wadong kabeh <> anak dua perempuan semua
Cukit
dulit : anak telu lanang kabeh <> anak tiga laki2 semua
Gotong
mayit : anak telu wadon kabeh <> anak tiga perempuan semua
Saramba :
anak papat lanang kabeh <> anak empat laki2 semua
Sarimpi :
anak papat wadon kabeh <> anak empat perempuan semua
Pandhawa :
anak limo lanang kabeh <> anak lima laki2 semua
Pancagati :
anak limo wadon kabeh <> anak lima perempuan semua
Kendhana
– kendhini : anak loro lanang wadon <> anak dua laki2 perempuan
Kendhini
– kendhana : anak loro wadon lanang <> anak dua perempuan laki2
Sendhang
kapit pancuran : anak telu, lanang – wadon – lanang <> anak tiga
perempuan di tengah
Pancuran
kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon <> anak tiga laki2
ditengah
Keblat
papat : anak papat lanang wadon <> anak empat laki2 perempuan
Sepasar :
anak lima lanang wadon <> anak lima laki2 perempuan
Padangan :
anak lima wadon siji <> anak lima perempuan Satu
Ipil-ipil
( pipilan ) : anak lima lanang siji <> anak lima laki2 satu
Pandhawa
nyandhangi : anak enem wadon siji wuragil <> anak enam perempuan
terakhir
Kembar :
anak loro lair bareng <> anak dua lahir bersamaan
Kembar
gantung : bocah kembar laire let sedina <> anak kembar lahir selang
satu hari
Dhampit :
anak loro lanang wadon laire bareng <> anak dua laki2 perempuan lahir
bersamaan
Gilir
kacang : anake akeh giliran lanang wadon <> anak banyak bergilir
laki2 perempuan
Lumpat
kidang : anake akeh ora giliran lanang wadoh <> anak banyak tidak
bergilir laki2 perempuan
Gendhong :
anak wadon akeh seng tengah anak lanang <> anak perempuan banyak yang
tengah anak laki2
Pathok :
anak lanang akeh seng tengah wadon <> anak laki2 banyak yang tengah
perempuan
Grandhel :
anak lanang pirang – pirang, seng wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang
seng wuragil lanang <> anak banyak yang terakhir perempuan atau laki2
Sumarak :
anak akeh seng lanang luwih akeh <> anak banyak yang laki2 lebih banyak
Anggana :
anak akeh seng urip gari siji <> anak banyak yang hidup tinggal Saturday
Cemani :
anak ireng mulus <> anak hitam mulus
Wungle,
bule : anak putih mulus <> anak putih mulus
Gondhang
kasih : anak loro beda pakulitane, ono seng ireng ana seng putih <>
anak dua beda warna kulitnya, anak yang putih ada yang hitam
Pambarep :
anak sing nomer siji <> anak yang nomer satu
Panggulu :
anak sing nomer loro <> anak yang nomer dua
Pandhadha :
anak sing nomer telu <> anak yang nomer tiga
Sumendhi :
kakang wuragil <> kakak anak terakhir
Wuragil,
waruju : anak seng keri dhewe <> anak yang terakhir sendiri
Panenggak :
anak nomer loro seko lima cacahe anak <> anak yang nomer dua dari lima
bersaudara
Panengah :
anak nomer telu seko lima cacahe anak <> anak yang nomer tiga dari lima
bersaudara
Lola
( yatim piatu ) : bocah seng ditinggal wong tuwane <> anak yang
orang tuanya sudah tiada
Yatim :
bocah lair wis ora menangi bapake <> anak yang lahir sudah tidak
mempunyai ayah
Lola
bapa ( biyung ) : bocah seng wes ora nduwe bapak utawa ibu <> anak
yang sudah tidak mempunyai salah satu dari bapak/ibu
Konduran :
bocah lair slamet nanging ibune seda <> anak yang lahir selamat tapi
ibunya meninggal
Sumala :
bocah sing cacat wiwit lair <> anak yang cacat dari lahir
Thok
thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik <> anak yang lahir dengan
kepala kecil
Julung
kembang : bocah sing lahir nalika srengenge mletek <> anak yang
lahir ketika matahari terbit
Julung
sungsang : bocah sing lahir nalika bedug awan <> anak yang lahir
ketiga waktu tengah hari / waktu dzuhur
Julung
sarab/surup : bocah sing lahir nalika ngarepake surup <> anak yang
lahir ketika matahari akan tenggelam
Julung
caplok : bocah sing lahir nalika surup <> anak yang lahir ketika
matahari tenggelam
Margana :
bocah sing lahir nalika ibune lelungan <> anak yang lahir ketika ibunya
sedang dalam bepergian
Wuyungan :
bocah sing lahir nalika perang <> anak yang lahir ketika perang
Wahana :
bocah seng lahir nalika ibune ana pasamuan <> anak yang lahir ketika
ibunya sedang dalam acara pertemuan
Jempina :
bocah seng lahir durung wayahe <> anak yang lahir belum saatnya
Tiba
sampir : bocah sing lahir kalung usus <> anak yang lahir dengan
posisi usus melingkar di leher
Tiba
ungker : bocah sing lahir ususe nggubed gulu <> anak yang lahir
dengan usus yang menjerat di leher
Wungkul :
bocah sing lahir tanpa ari-ari <> anak yang lahir tanpa ari-ari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar