Sabtu, 16 Januari 2016

Tanggap Wacana

Tanggap Wacana Murwakani Atur Pahargyan Pengetan Maulid Nabi
Assalamu’alaikum wr.wb
Nuwun, para rawuh kakung saha putri ingkang kida kurmati, Saderengipun sumangga sami ngluhuraken asma dalem Gusti Allah SWT. karana ngaturaken sakathahing puja miwahpuji syukur, dene ngantos ing titi wanci wekdal dalu menika taksih kepareng ngluberaken kanikmatan lair lan batos, saengga kula lan panjenengan ing dalu menika saget kempal manunggal wonten ing papan mriki kanthi rahayu nir ing sambekala.
Sih rahmat saha salam kawilujengan mugi tansah kasarira dening panutan kita Kanjeng Nabi Muhammad saw. Saha para pendherekipun. Para rawuh, salah satunggaling rahmat ingkang boten wonten tandhingipun sampun kaparingaken dhateng kula lan panjenengan sedaya.
Punapa wujudipun rahmat kalawau? Inggih menika panutan  kita kanjeng Nabi Muhammad saw. Panjenenganipun dipun lairaken wonten ngalam donya menika pikantuk tugas sakinh ngarsanipun Allah SWT.
Sarana ngasta rahmat, perlu ndandosi rohanining manungsa, angiyataken iman saha angiyataken umatipun.
Jumbuh kaliyan dhawuhipun Allah: “wa ma arsalnaka illaarahmatan lil ‘alamin” Ora ngutus ingsun sira Muhammad, kajaba mung ngrahmatana ing sadonya.
Ing dalu menika kula lan panjenengan sami mengeti wiyosanipun Gusti panutan kita Kanjeng Nabi Muhammad saw. Kaleresan ing wulan menika wulan Maulud, inggih menika wulan ingkang mulya lan agung.
Jalaran wonten ing wulan Maulud menika kaleres mosipun  Kanjeng Nabi Muhammad saw. Utawa lahiripun Kanjeng Nabi. Wonten ing wulan punika tansah dipun pengeti dening umat Islam wonten ing pundi kemawon, kalebet wonten ing papan menika jalaran punapa? Inggih jalaran saking panutan kita Nabi Muhammad saw menika sejarah perjuanganipun kapacak wonten ing babat donya kanthi gilang gemilang.
Ingkang sampun tentu kemawon dados tepa palupi ingkang utami tumrap gesanging manungsa wonten ing ngalam donya menika. Malah-malah pitedah-pitedahipun panutan kita Nabi Muhammad saw kala samanten saget katampi sarana gembiraning manah dening tiyang-tiyang ingkang kepingin nggayuh kasucian, karaharjan sarta kamulyan wiwit gesang wonten ing ngalam donya ngantos dumugi akherat.
Para rawuh kakung saha putri ingkang satuhu kula kurmati, mila sumangga kita gatosaken kanthi saestu, andharan pengetan Maulud Nabi ing dalu menika mangke, ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun Bapa Kyai…saking…
Wondene kula jejering ketua penyelenggara ngrumaosi bilih salebetipun pengetan menika kathah kekiranganipun, mugi para muslimin lan muslimat paring agenging pangapunten.
Ingkang salajengipun sumangga acara pengetan Maulud Nabi ing dalu menika kita bikak kanthi maos Ummul Kitab sesarengan, Al-Fatihah…..!
Ing wasana hambok bilik anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan kathah keklentuan saha kirang dadosaken sarjuning panggalih, kula nyuwun lumunturing pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb

(sumber: pepak basa jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar