Sabtu, 16 Januari 2016

Cerkak

LAKUNE URIP
Glubrak...glubrak...glubrak, suara kuwi sing saben dinane dirungoake karo Tina. Tina bocah ayu, duwur, putih lan duweni sifat sing apik, akeh sing seneng karo dheweke. Uripe Tina tansah mesakake, deweke urip karo wong tuwa sing saben dina tukaran. Yanti iku ibune lan Parman iku bapakke. Bapakke duweni sifat sing keras, seneng mabuk-mabukan lan judi. Saben dinane Tina lan ibune mesthi digawe lara ati dening bapakke.
Wis pitulas tahun bapak lan ibune urip bebarengan. Ibune wis ngrasakake paite urip amarga digawe lara ati bapakke. Saiki ibune jaluk pisah pisah karo bapakke amarga wis ora kuwat maneh, lan panjalukane dituruti dening bapakke. Saiki Tina urip karo ibune, uripe tansah seneng .
Nalika pas pisah ibune isih ngandut 6 sasi, telung sasi sak wise pisah ibune nglairake bayi wadon. Nanging ora dikira yen ibune bakal dipundhut dening Gusti nalika nglairake adine mau.
Lina iku jeneng adine. Tina lan Lina saiki kudu urip bareng bapakke maneh amarga umure  isih cilik sing durung bisa ngurusi awakke dewe. Tina kagolong bocah sing cilik amarga umure lagi rolas tahun, nanging kudu nglakoni urip rekasa amarga ditinggal ibune lan kudu ngrumati adine sing isih bayi. Bapakke ora tau ngurusi sanajan kuwi anak kanduge dewe.
Sak wise Tina ditinggal karo ibune dheweke wis ora nerusake sekolah amarga ora ana biaya kanggo sekolah. Tina kudu kerja kanggo biaya urip saben dinane. Tina saiki kerja dadi buruh batik ing tanggane. Saben minggune oleh opah telung puluh ewu. Pancen opah kuwi ora cukup kanggo seben dinane. ora jarang bapakke malah nambahi beban Tina, dheweke njaluk duit kanggo judi.
Parman kuwi wong tuwa sing ora duweni rasa tanggung jawab marang anak-anakke. Saben dina gaweane mung dolan wae ora tau kerja. Dheweke mung ngandelake anakke. Ora jarang bali ing omah karo mabuk. Saben mabuk anakke kudu narima awakke lara kabeh amarga diajar Parman.
Ing sawijining dina nalika Tina lagi mbatik ning pawon. Bapakke teka karo gembor-gembor saperlune njaluk duit kanggo judi, nangging tina ora menehi duit amarga Tina isih butuh biaya kanggo daftareke Lina sekolah, Lina wis kudu mlebu SD. Bapakke ora narima panjaluke ora dituruti banjur bapakke mlebu kamar lan jupuk duit sing disimpen ana ing jero lemari.
Tina langsung mlayu lan ngoyak bapakke, nanging nalika tekan ngarep kamar, kamare wis morak-marik lan bapakke wis nyekeli duit sing sejatine arep dienggo daftarake sekolah lina.
“ Pak, ampun dipun pundhut artanipun, menika badhe kangge daftareken Lina sekolah pak. Kula boten gadha arta malih”. Panjaluke Tina karo nangis lan nggondeli bapakke supaya gelem mbaleke.
“ Wis ora urusan karo adimu, mengko golek maneh sing akeh. Iki bapakkmu lagi perlu kanggo judi mengko yen menang kowe tak ganti duite”. Jawabe Parman kanthi suara kang banter.
Tina terus usaha supaya duite dibalekake, nanging bapakke tetep ora gelem mbaleke duite. Saking jengkele amarga Tina ngalangi niate bapake banjur dheweke ngajar Tina. Sawise tina diajar banjur bapakke lunga metu.
Weruh mbakyune diajar karo bapakke, Lina sing isih cilik ora bisa apa-apa.
“ Piye mbak sampean kok kaya ngene? Wis mba aku ora usah sekolah wae, aku ora apa-apa mbak...”. Omongane Lina marang mbakyune karo nangis.
Kaya biasane saben wengi parman lan kanca-kancane judi ana ing gubug sebelah sawah, ning kana uga ana omben-ombenan. Kabeh pada seneng.
“ Entuk duit saka ngendi kowe man? Ora tau kerka nanging kok duite ana terus. Apa kowe ngingu tuyul?”.hahahaha pitakone salah sijine kanca karo nguyu-nguyu.
“ Iyo aku ngingu tuyul, tuyule anaku dewe. Saben dina tak kongkon kerja yen entuk duit, duite aku jaluk. Hahaha” wangsulane parman karo ngakak.
Dasare wong mabuk mesthi wae kelakuane ora ngenah. Saking enake olehe judi karo ngombe dheweke lan kanca-kancane ora sadar yen gubuge wis dikepung karo polisi. Ora let sui parman lan kanca-kancane digawa ing kantor polisi lan dilebokake penjara.
Krugu yen bapakke dicekel polisi. Anakke langsung pada lunga ing kantor polisi saperlune niliki bapakke, sanajan bapakke kerep gawe lara ati nanging isih tetep pada melas lan sayang.
“ Pak kados pundi? Panjenengan boten napa-napa? Kok bapak bisa nganti dipenjara pak?” pitakone anake karo nangis.
“ Wis cah bapak ora apa-apa. Iki pancen sing kudu bapak rasake. Kowe kabeh sing ati-ati nang omah yaa..” Wangsulane parman.
Parman diukum 9 sasi. Sasuwene dipenjara Tina lan Lina niliki saben minggu sepisan. Dheweke wis mulai sadar lan kepengen nebus kesalahan-kesalahane. Parman nduweni tekad yen metu saka penjara bakal dadi wong sing luwih bener.
Sangang sasi uwis kliwat. Pas jam 9 isuk Tina lan Lina siap-siap ning kantor polisi saperlune jemput bapake. Bapake seneng banget amarga dheweke wis rampung ukumane lan ngerti yen anak-anake wis marani. Wong telu mau bali ing omah.
Sawise metu saka penjara Parman lan anak-anake nganekake slametan. Parman cepet-cepet golek pegawean kanggo biaya urip karo anak-anake. Tina lan Lina saiki bisa sekolah maneh. Anak-anake seneng banget amarga bapakke wis sadar lan wis dadi wong sing bener, ora kaya biyen maneh. Saiki parman lan anak-anake urip seneng.

 (sumber: panjebar semangat)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar