Chris Papa Jaya
Suwe Dak
Anti-Anti
Dak
sengaja ngungalake dhadha
Nalika
sira manahake asmara
Dimen
tumancep thelenging ati
Kang
suwe anganti-anti
Pindha
keplok tangan sajuga
Dhuh, kenya arum melathi
Kembang desa perang gunung
Mung sira kang gawe wuyung
Kapan baya saguh dak kanthi
Urip mulya salami-lami
Tresna
Wurung
Nadyan
angin wengi wiwit njiwit
Kulit,
Nanging
mripat iki panggah
Akedhap
tesmak
Wewayanganmu
kang tansah liwat,
ngujiwat
nggodha
ati suwung, tumlawung
tresna
wurung
dhuh, uwong ayu ganthilaning ati
kamitegan, kowe cidra ing janji
oncat dhatanpa pepoyan
katut priya tumpakan sedhan
lan
aku muhung tetep lumaku,
atut
saparaning suku
sangu
ati kang saya wuru
(sumber:
panjebar semangat)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar