Rabu, 06 Januari 2016

Brokohan

Brokohan

Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka 
basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhaksabunkopigula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi. Sesajèn upacara sing dibutuhaké ya iku:
·         Tumrap golongan bangsawan: dhawetendhog mentahjangan menirsega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
·         golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèngtémpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga
Upacara brokohan tujuwané kanggo keslametan prosès kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi bocah sing apik.
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusaké andum sesajèn brokohan kanggo sedulur lan para tangga.

(sumber: https://jv.wikipedia.org/wiki/Brokohan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar