Rabu, 06 Januari 2016

slametan

Slametan/Upacara
1.    Bersih desa   : slametan ngresiki desa
2.    Berjanjen      : maca puji-pujian ngenani riwayate Kanjeng Nabi Muhammad
3.    Boyongan     : ngalih omah
4.    Brokohan      : slametan tumrap bayi kang mentas lair
5.    Kirab            : metu bareng rak-arakan
6.    Mantu           : duwe gawe ngomah-ngomahake anak
7.    Megengan     : wiwitane sasi Pasa
8.    Mitoni          : slametan nalikane meteng pitung sasi
9.    Mule             : slametan ndongakake kaluwarga sing wis seda
10. Muludan        : slametan ing dina wiyose Kanjeng Nabi Muhammad
11. Ngirim                   : ngopeni kuburane kulawarga
12. Nyadran       : ndongakake wong sing wis seda ana ing makam
13. Nyekar         : ngopeni kuburan lan ndongakake kulawarga sing wis seda
14. Nyelapani     : slametan nalika bayi umur selapan (35 hari)
15. Nyepasari     : slametan nalika bayi umur sepasar (5 dina)
16. Puputan        : slametan nalika pusere bay iwis pedhot
17. Sedhekah bumi: bersih desa
18. Slawatan      : dedonga marang Gusti Allah kagem Kanjeng Nabi Muhammad
19. Tahlilan        : maca puji-pujian marang Gusti Allah, biasane sawise kesripahan (kepaten)
20. Tetakan        : sunatan
21. Tedhak siti    : slametan nalikane bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah
22. Udhun-udhunan: slametan ngarepake bakda (lebaran)
23. Unggah-unggahan: slametan ngarepake pasa (sasi pasa)
24. Wiwit           : slametan ngarepake methik pari


(sumber: pepak basa jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar