Rabu, 06 Januari 2016

Parikan

Parikan
Parikan ana 2 werna:
a.    Parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
b.    Parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)
Tuladha:
1.   wedang bubuk, gula jawa
yen kepethuk, ati lega
2.   abang-bang gendera Landa, ana sing ijo kok milih putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis duwe bojo ora tau mulih
3.   ana brambang sasen lima
berjuang labuh negara
4.   bibi surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti
uwong urip pancen abot, mula becik ngati-ati
5.   kutha Kendal kali wungu
aja kenal karo aku
6.   yen kembang-kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra
sih cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa
7.   nembang mlathi, warna peni ngganda wangi
watak putri, kudu setiti angati-anti
8.   korek gambar klenthing
kula ndherek wonten wingking
9.   wedang jeruk tanpa gula
luwih becik sing prasaja
10. Semarang kaline banjir
Aja sumelang ora dipikir
11. Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Surabaya
Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
12. Awan-awan aja keluyuran, anapak mantri numpak sekuter
Kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter
13. Esuk nembang sore nembang, tembangane asmaradana
Esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ora teka-teka
14. Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar
15. Wajik klethik gula jawa
Luwih becik sing prasaja
16. Manuk kutut, manggunge ngganter
Yen ra nurut, bisa keblinger
17. Wajik klethik gula abang
Aja suthik yen tumandang
18. Godhong kecipir mrambat kawat
Najan ra mampir, nanging liwat
19. Jambu apa jeruk
Aku melu apa entuk
20. Jemek-jemek gula jawa
Aja sok ngenyek karo kanca

(sumber: pepak basa jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar