RESENSI
NOVEL “SANG PANGERAN PATI”
Fitri
Gunawan
A. Identitas
Novel:
v Penulis:
Fitri Gunawan
v Penerbit:
Q Publisher
v Tahun
Terbit: 2013
v Tebal:
203 halaman
v ISBN:
978-802-14227-0-0
v Dimensi:
18 x 13 cm
v Jenis
Kertas: Kertas Buram
B. Sinopsis
Novel
kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken
lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang
duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro
kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter
sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil
ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo
kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang
rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi
wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora
nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di
anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di
timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke
percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca
kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake
marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai
kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar
kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi
luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak
culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro
deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging
Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine
Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo
di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen
bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik.
Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang
Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi
karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator
Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti
luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah
supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak.
Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga
deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih
iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya
Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih.
Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo
Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang
perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur
teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi
ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
Saka masalah masalah kang
di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik
karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik
kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon
dadi gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di
sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi
penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine
Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti
kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih
yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil
X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine
Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke
kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa
metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga
yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya
wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging
Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone.
Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke
bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika
nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi
doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan
Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna
kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo
karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.
1. Unsur
Intrinsik Novel
2. Tema
: Kejujuran lan Kesetiaan
3. Latar
Belakang :
Novel
“Sang Pangeran Pati” iku nggambarake kahanan nyata ana ing dunia jurnalistik
kang gamblang lan tanpa tadeng aling-aling penulis nyuguhake maslah-masalah
kanggo bahasa sing bis agampang langsung di ngerteni marang pembaca. Novel iki
adhidasar saka masalah umum sosial lan masalah katresnanan kang di padu dadi
siji. Wong urip iku ora mung ngandelake kakuasaan lan jabatan nanging uga kudu
mikirake rasane wong liya terutama bawahan. Wong urip kuwi kudu duweni sifat
welas asih marang wong liya lan kudu andap asor anggone njaluk pitulung marang
wong liya. Ana ing novel iki cetha nyritakake penguasa utawa pemimpin kang ora
bisa andhap asor lan welas asih sing kegambar ana ing tokoh Suryo. Konflik sing
di gawe ana ing novel iki kaya-kaya ana ing dunia nyata jurnalistik. Konflike
di dadekake bahan kanggo ngembangake isi novel,nanging masalah katresnan antar tokoh
ora di gambarake cetha marang penulis.
Iku
kabeh sing gawe novel “Sang Pangeran Pati” katon nyata konflik masalah utamane
lan bisa di waca kanggo kabeh kalangan amarga ora akeh masalah tresnane.
3. Waktu:
v Pagi
( “sugeng enjang Mas Suryo” )
v Siang
( “… Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan”)
v Sore
(“selamat sore Pak Suryo”)
v Malam
(wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu
esuk
kudu wis di pasarna)
4. Suasana:
v Duka
v Sedih
v Seneng
v Haru
5. Alur
: Maju
6. Gaya
Bahasa : Bahasa Jawa Modern
7. Amanat
: Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe
kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang
atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia
karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa
wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu duwe sikap andap
asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan lan kudu
tegas karo keputusan akhir.
8. Penokohan:
v Suryo
Baskoro: pidegsa,pinter,sregep,andap
asor,pendendam,ora gelem kalah,temen.
v Prihastuti
Kusumo: welas asih,androgini,andap
asor,pinter,sumeh,ngalahan.
v Sri
Wahyuni: setia,sregep,tlaten,temen.
v Basuki:
sregep,nrimanan,andap asor,sopan.
v Rudi
Hamonangan: pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten.
v Aryo
Guritno: licik,drengki.
v Mardanu:
licik, drengki, pinter.
v Wibisono:
eman,andap asor,setia.
v Surtikanthi:
setia,andap asor,welas asih,pinter.
v Suryawati
Suminar: manut,amanat,setia.
v Broto
Kusumo: tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang
percaya karo wong liya.
v Wisnu
Kusumo: manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap
asor,welas asih.
9. Sudut
Pandang: orang ketiga serba tahu
C. Kelebihan
Novel
Novel
sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia jurnalistik
nganggo bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa modern. Unsur
roman kang di tulis dening penulis mung dadi bumbu penyedap ana ing novel iki
dadekake novel iki bisa di tampa dening kabeh kalangan. Novel iki uga blaka
suta anggone nyeritakake konflik utamane. Penulis pinter anggone bungkus
masalah kang wigati naging ora gawe pembaca kaget. Lan gawe penasaran endinge
kaya apa.
D. Kelemahan
Novel
Novel
iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo. Dealeg sing
di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca sing saka daerah
“ngapak” anggel anggone mangerteni makna kang sebenere. Lan gaya penbulisane
gawe bosen pembaca amarga terlalu rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca
ora rampung-rampung.
E. Saran
atau Manfaat Novel
1.
Saran
Saran
kanggo novel SPT iki luwih becik di tulis nganggo bentuk prosa dadi ora gawe
bosen lan ukuran font luwih di pertimbangaken. Nganggo bahasa jawa kang umum
supayane bisa di cerna karo beda dialeg.
2.
Manfaat
Manfaat kang bisa di jupuk
saka novel SPT iki yaiku ngajarake kejujuran lan keseliaan marang wong liya lan
ngajaraken carane andap asor,welas asih lan tegas karo keputusan,nanging ora
semena-mena karo bawahan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar