LENGGERAN
Lenggeran kuwe
seni drama tradisional Banyumasan sing dipadu karo seni tari uga dialog. Jenis
kesenian rakyat kiye biasa digelar nang lapangan terbuka utawa pelataran omah
sing duwe hajatan. Penarine (lengger)
biasane minimal 2 penari wadon ditambah badhut (lanang)
sing muncul nang
pertengahan wektu pagelaran.
Musik
pengiring tari lengger kuwe perangkat musik calung Banyumasan. Perangkat musik kiye
sebagian sekang perangkat Gamelan. Nang akhir pagelaran,
biasane penonton olih melu munggah panggung menari bareng penari lengger sambi
ngaweh saweran maring lenggere.
Jane pagelaran lengger kanthi wutuh kuwe pada baen karo pagelaran seni Drama (tradisional) sing ditambah seni tari karo dialog, ning sing cokan dadi pusat perhatian mung gerak tariane thok. Urut-urutan babak pagelaran lengger sing utuh kuwe: babak lenggeran (perkenalan), babak badhutan (permasalahan awal karo lakon), babak jaran calung (permasalahan sing ngeruncing/krisis) terus terakhir babak baladewan (penyelesaian/keputusan).
Kabeh babak-babak kuwe ngandung nilai-nilai, antarane: nilai estetika, kepercayaan, perjuangan, kemanusiaan, kejujuran karo nilai-nilai ketaatan maring ruh para leluhur. Jaman ganu, lengger duwe kesan sing kurang apik sebab cokan dipadhakna karo ronggeng, ning jaman siki wis berobah, malah siki akeh muncul grup-grup lengger sing profesional sing biasa diundang nang acara-acara resmi. Grup-grup lengger siki malah wis duwe struktur organisasi sing madan mapan, ana pembinane, ana ketua sing tugase memimpin kegiatan latihan, gladi resik karo teknik pementasan.
Urut-Urutane
Lenggeran
Babak Lenggeran
Babak lenggeran utawa babak
perkenalan kiye dimolai 2 lengger sing munggah ming panggung utawa tengah
lapangan, terus dikenalna maring penonton. Bar dikenalna, lengger kuwe duduk
bersimpuh menghadap para penayagan.
Sambi diiringi lagu Ricik-Ricik sing dinyanyikan para pesinden, lengger molai menari sesuai karo
irama calung Banyumasan,
bar tampilan kuwe lengger mlaku alon-alon (ora menari) ngelilingi arena sambi
nyanyi lagu Sekar Gadhung diiringi suara kendang lan gong,
lanjutane yakuwe lagu Jedandu (karo menari), bar kiye rampung,
lengger bersimpuh maning sambi nyanyi 1 lagu maning.

Lanjutane, lengger manari maning
sambi nyanyi berturut-turut lagu: Gudril, Ilo Gondhang, Pacul Gowang, Kembang Glepang, Guritan Warung Dhoyong lan liya-liyane, penonton olih
munggah panggung menari bareng Lengger sambi saweran.
Nang babak lenggeran kiye mung ana tarian karo nyanyian, dadi langka dialog.
Nang babak lenggeran kiye mung ana tarian karo nyanyian, dadi langka dialog.
Babak Badhutan
Badhut diperankan karo wong lanang, fungsine
kanggo menyegarkan suasana. Badhut kudhu pinter melawak, pinter menari juga
menyanyi, badhut biasane nganggo topeng badhut. Nang Babak Badhutan kiye,
badhut karo Lengger menari bareng sambi dialog.

Dialog-dialoge kudhu mengandung makna
lelucon, kritikan sosial kemasyarakatan, sindiran lan ironis ben timbul suasana permasalahan utawa konflik
kemasyarakatan. Gerak-gerak tari badhut kudhu mandan kocak / lucu lan
bebas, nyanyiane juga ora perlu pakem, bisa dipotong-potong kanggo nyisibna
kritikan-kritikan.
Babak Jaran Calung
Babak Kiye diperanaken karo si Badut
sing dimolai bar Lengger ganti kostum tari Baladewan, terus Badut molai menari
nganggo Jaran Kepang.
Badut kudu menari nganggo gaya khas Jaran Kepang utawa Kuda Lumping sambi diiringi calung gendhing Kuda Kepang lan nyanyian rakyat Lenggang Kangkung.

Gaya tariane kudu dinamis sing artine
duwe makna nantang utawa berontak maring situasi kemelut nang masyarakat. Sambi
menari gaya emosi utawa amarah sing diselingi ekspresi Mendhem (ora sadar), si Badut kudu cokan
keton lucu terutama gerak tariane, kiye ben penonton ngguyu / terhibur. Kuwe
juga kadang kudu ditambah karo adegan mangan sesaji sing wis disiapna ben
suasanane ganti-ganti, kadang lucu kadang serius. Adegan nang babak Jaran
Calung kiye termasuk babak inti permasalahan, artine kedaden krisis nang tengah
masyarakat kuwe wis memuncak. Penonton digiring melebu nang nang suasana
tegang.
Babak Baladewan
Babak kiye intine iyakuwe adegan
tarian Baladewan sing nduwe makna: mohon rahmat maring Tuhan Yang Maha Esa lan ngucapna syukur sebab pagelaran
Lenggeran wis rampung, lancar, tertib lan slamet. Babak Baladewan kiye dadi
tanda nek pagelaran Lenggeran meh bubar, dadi maknane sebagai tahap
penyelesaian masalah utawa krisis sing ana nang masyarakat utawa sebagai plot
penyelesaian utawa keputusan penyelesaian krisis.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar