Sabtu, 02 Januari 2016

Ubarampe ing Pewayangan

Ubarampe ing Pewayangan

Ubarampe ing salebeting wayang purwa, punika wigatos sanget awit lumantar punika wayang utawi ringgit saged dipun babar lan tingali, wondene ubarampenipun antawisipun:
1.    Layar/Geber: Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng. Panjangipun 12 meter. Wiyaripun 1,5-2 meter.
2.    Blencong: suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga klentik. Nanging sakpunika blencong dipun gantos mawi lampu bohlam (200 W).
3.    Wayang/Ringgit wacucal: piranti baken ingkang kadamel saking lulang titatah lan sinungging utawi ginambar manut lakonipun.
4.    Gedebog piranti kanggr nanjebaken wayang.
5.    Cempurit piranti ingkang kangge nggapit wayang kadamel saking sungu kebo.
6.    Simpingan kiwa lan tengen: wayang ingkang tinancepaken ing gedebog jejer-jejer minangka paes. Ingkang siring tengen Bratasena (wayang ageng) ngantos dumugi satriyan (wayang ingkang alit). Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.
7.    Kothak wadhah wayang: kotha kadamel saking kajeng; Panjang 190 cm/170 cm, wilyar: 85 cm, Kandel: 12-15 cm/12 cm.
8.    Cempala asta (saka kayu) : kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal (Kilan). Ginanipun kangge ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.
9.    Cempala suku: wesi gligen binubut endah panjang 102 kilan (jengkal) jinepit ing jempol suku kangge nuthuk keprak.
10. Keprak (saking wesi)
11. Niyaga lan pasindhen: tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12-15 tiyang utawi langkung ndherk kabetahanipun. Pesindhen/waranggana ingkang nglaras tetembangan.
12. Gamelan: gamelan ugi dipun wastani gangsa, punika piranti ingkang kangge ngiring lampahanipun ringgit. Wondene gamelan punika wonten kalih warnanipun: gamelan slendro lan gamelan pelog.

(Sumber: Lks Basa Jawa XI)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar