Rabu, 06 Januari 2016

bagiyan-bagiyan umah joglo

Bagiyan-bagiyan umah joglo
a.   Pendhopo
Bangunan paling ngarep kang fungsine kanggo nrima tamu utawa kanggo upacara-upacara adat. Umume pendhopo ora diwenehi tembok/tutup, upama ditutup umume ditutup nganggo gebyok kang gampang dibukak. Filosofine yaiku anane prinsip tinarbuka tumrap sing duwe umah.
b.   Senthong
Bagiyan iki biasane kanggo turu
1)   Senthong tengen
Biasane kanggo bocah lanang kang wis dirabikake
2)   Senthong kiwo
Biasane kanggo bocah wadon kang wis dirabikake
3)   Senthong tengah
Senthong tengah biasane disebut petanen, pasren, pedaringan utawa kobongan. Senthong iki dianggep sacral lan biasane kanggo papan pemujaan. Ing senthong iki dipapanake papan kanggo turu lengkap karo bantal guling, pangilon lan sisir. Saliyane kuwe ora ana lampu kang murub embuh kuwe awan utawane wengi
c.    Gandhok
Gandhok minangka bangunan ing sisih umah utama pavilion. Biasane nempel karo bagiyan umah sing mburi. Gandhok biasane kanggo nyimpen prabot dhapur, papan kanggo mangan lan uga kanggo pawon/dhapur.
d.   Pringgitan
Bangunan sing biasane mapan ana ing antarane pendhopo ing dalem. Bangunan iki biasane kanggo pementasan wayang/ringgit.
e.   Kuncung
Kuncung mapan ana ing sisih pendhopo utawa ngarep pendhopo. Gunane kanggo jejagongan sante.
f.     Pawon
Pawon yaiku salah sijine bagiyan umah joglo kang biasane kanggo masak


(sumber: Lks basa jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar