Jumat, 15 Januari 2016

Purwakanthi

Purwakanthi
Purwakanthi yaiku gandhenge swara sing buri karo swara sing wis kasebut ing ngarepe.
A.   Purwakanthi Guru Swara
1.    Aja dumeh menang, banjur tumindhak sawenang-wenang
2.    Ana awan, ana pangan
3.    Ana dina, ana rupa
4.    Ati karep, bandha cupet
5.    Bareng wis makmur, lali marang sedulur
6.    Becik ketitik, ala ketara
7.    Gelem obah, mesthi mamah
8.    Inggah inggih nanging ora kepanggih
9.    Iji-iji godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa
10. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
11. Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepengin maju
12. Ora cepet, ora ngliwet
13. Ora ngedan, ora keduman
14. Thenguk-thenguk, nemu kethuk
15. Tiwas sayah, ora paedah
16. Wong bungah sok nemu susah
17. Welingin guru wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet sing tinemu
18. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
19. Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane
20. Witing tresna, jalaran saka kulina
B.   Purwakanthi Guru Sastra
1.    Bobot, bibit, bebet
2.    Aja dhemen memeda sameng dumadi
3.    Katula-tula ketali
4.    Janji jujur jajahane mesthi makmur
5.    Laras, lurus, leres, laris
6.    Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling
7.    Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
8.    Aja dhemen memada, dhateng sapadhaning dumadi
9.    Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi
10. Wong jejodhohan kudu ngelingi: babat, bibit, bobot, bebet
11. Petruk patrol karo putrani loro putra putri
12. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
13. Sing sapa salah bakal seleh
14. Sing sapa goroh growah
15. Sluman, slumun, slamet
16. Tatag, teteg, bakal tutug
17. Tata, titi, tentrem
18. Tatune methunthung mentheng-mentheng
19. Sing weweh bakal wuwuh
20. Makuta, makuti,makuten
C.   Purwakanthi Lumaksita
1.    Asung bekti, bektine kawula marang gusti
2.    Bayem arda, ardane ngrasuk busana
3.    Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
4.    Mangan ati, atine sing kelara-lara
5.    Nandhang lara, larane wong lara lapa
6.    Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
7.    Raja putra, putra daleme ngastina
8.    Rujak degan, degane krambil ijo
9.    Remuk rempu, rempu dadi awu
10. Saking tresna, tresnane mung samudana
11. Rujak dhondhong, rujake sisaning kalong
12. Witing tresno, tresnane mung sawetara


(Sumber: Pepak Basa Jawa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar