Lakon Wayang
Lakon
salebeting pagelaran wayang tegesipun criyos ingkang badhe dipun pentasaken
salebeting pagelaran kasebat. Lakon saged nedahakaen irah-irahan criyos ingkang
badhe kalampahan, kadasta: Gatotkaca
Lahir, Pandu Swargo, Kresna Duta, Brubuh Ngalengka, lan sanesipun. Lakon
wayang asring kapundhut saking wiracarita Ramayana lan Mahabarata, lan sumber
serat-serat Jawa sanesipun, kadasta: Serat
Arjuna sasabrahu, Dewa Ruci, lan cariyos carangan (karangan) sanesipun. Lakon kaperng wonten Lakon Baku
lan Lakon Carangan, Lakon Baku kapundhut saking sumberbuku-buku pedalangan
tinamtu upaminipun Pustaka Raja Purwa. Lakon Carangan biasanipun karangan para dhalang
senior kangge minangkani panyuwunan penanggap wayang utawi penguwaos ing
jamanipun
Jinis-jinis Lakon ing Pewayangan
Lakon miturut jinisipun wonten
warni-warni, antawisipun: lakon lahiran, lakon raben, lakon gugur, lakon wahyu,
lakon banjaran, lakon gugat lan lakon brubuh.
·
Lakon
Lahiran biasanipun nyriyosaken babagan lahiran paraga
salebeting pewayangan, kadosta: Dasamuka lahir, Wisanggeni lahir, Gatotkaca
lair, lan sanesipun
·
Lakon
Raben utawi alap-alapan biasanipun nyriyosaken babagan kesatria ingkang nglamar puteri badhe
kadadosaken garwa. Lakon Raben ingkang kondhang: Rabine Premadi, alap-alapan
Rukmini.
·
Lakon
Gugur biasanipun nyriyosaken pejahipun paraga wayang,
upaminipun Salya Gugur, Bisma Gugur , Duryodana Gugur, lan sanesipun.
·
Lakon
Wahyu nyriyosaken babagan kesatria ingkang pikantuk
kanugrahan saking dewata amargi sucining manah kangge nggayuh cita-citanipun.
Lakon wahyu ingkang kawentar menika Wahyu Makutharama.
·
Lakon
Banjaran mujudaken gagrag anyar (kreativitas baru) utaminipun
saking Ki Timbul Hadiprayitno. Banjaran mujudaken visualisasi riwayat
gesangipun paraga wiwit lair dumugi pejah. Tuladhanipun lakon Banjaran Sangkunu
nyiryosaken lahiripun Sangkuni lan asma timuripun, kados pundi saged dados patih ing Astina dumugi kados pundi pejahipun
Sakuni salebeteing perang Baratayuda. Lakon Banjaran sanesipun: Banjaran Durna,
Banjaran Bhisma, Banjaran Salya, Banjaran Pandu, lan sanesipun.
·
Lakon
Gugat minangka visualisasi protes utawi boten sarujuk ing
satunggaling kawontenan ingkang boten leres utawi boten adil. Upaminipun:
Pandawa Gugat, Pandu Gugat, Gatotkaca Gugat. Sanajan boten ngginakaken tembung
“gugat” nanging lakon Petruk Dadi Ratu nggambaraken gugatan tiyang alit dhumateng bendaranipun.
·
Lakon
Brubuh nyriyosaken musnahipun satunggaling Karajan. Kadosta
lakon Brubuh Alengka lan Brubuh Astina.
(Sumber: Lks Basa Jawa
kelas XI)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar