KETHOPRAK
Kethoprak kalebu salah sawijining
kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian
liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan sakliyané.

SEJARAH
Kethoprak
wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun sing lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi
irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring
tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan
kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung,
kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran
Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran
Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepé masyarakat/umum, yaiku Kethoprak
Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung.
Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma -
Darmi, lan sapanunggalane.

Sawise iku pagelaran Kethoprak
sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta.
JENIS
Anane gegayutan karo pagelaran
"teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakake
mengkene :
- Kothékan
Lesung : awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi
dadi pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak
Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan
jangkep karo carita , panguripané para tani .
- Kethoprak
Lesung : Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat
kaering gamelan kayata kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing
bakal dadi laire pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak
Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji
lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
- Kethoprak
Gamelan Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing
panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung ,
yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
- Kethoprak
Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku
Kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud
carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca
([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa
dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan.
Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para
nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi
panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindakake
kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak
"Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana
ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
ISI CARITA
Rupa-werna
carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad,legenda,
sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia,
tuladhane karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay.
Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi
crita Menak, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana crita Panji, Ande-ande lumut,
Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita
klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita
nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing tumindake becik, jujur
bakal entuk kamenangan.
Ageman para
nayaga pemain dipadakake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo
ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran
Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (
Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud
simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci
awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane
kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak
pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak
Jingga/Damarwulan.
Uga
ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan
bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah).
Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama
Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine
Kethoprak :
1. Carita kanthi para
nayaga/pemain,
2. Kaering tabuhan
(gamelan),
3. Ageman tembang kang
dadi tetenger kethoprak,
4. Rembugan uga biasa
nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog,
monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi,
5. Wondene unining
gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana
dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.
PERANGKAT PENGIRING
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada.
Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter
anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari. Para pradangga
gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing
dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa
nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Saiki, ana ing wolak waliking jaman,
kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak.
Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi.
Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan
nyenengake pamirsane.
(Sumber: LKS Basa Jawa Banyumasan
Ngrumat Basa Panginyongan kelas XII).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar