Jumat, 15 Januari 2016

Geguritan

Sunardi KS
Pangilon

Aku meguru
Marang gunung-gunung, segara kang ngombak
Angina dadi prahara
(geneya pangilonku ambyar panggantha  bubar)
                   Iki ati raja kang nduweni panguwasa
                   Geneya gunung-gunung, jurang-jurang
                   Kapara lugut lan semut
                   Kala-kala luwih waskitha
                   Kawicaksananengluwihi raja
                   Aku kowe kerep ajeg dadi mawa
Aku sinau
Marang sakabeh kahanan
Meguru marang angina
Saka gegodhongan obah
Aku ngilo
Nanging pangilonku ngglewang
Pangilon mau malah nggeguyu
Ora ana tandha-tandha
Nganti ora kadenangan
Aku lingsem
Pangilonku blereng

Jepara, 2006


S. Yoga
Awakmu Kaya Awake Kemamang

Awakmu kaya awake kemamang
Katon murub lan mbrengangah abang
Praupanmu ora bisa mbok apusi
Menawa kebak rasa nepsu
Amarga tansah mikir donya
Kang ora bisa kasembadan
Nadyan wis adus kaping pitu
Nadyan wis mbok sabuni
Nadyan wis mbok sawuri kembang mlathi
Awakmu tambah mambu banget
Kaya tegalan kang kobong
Kaya ambune bathang kang mudal
Saben wengi mbok sempurnakake
Ana donga ben bali kaya bayi
Nanging awakmu isih njaluk wektu
Amerga ora bisa nahan nepsu donya

Ngawi, 2006
(Sumber: Panjebar Semangat)





Tidak ada komentar:

Posting Komentar