Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki
dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo
keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing
dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan ‘purnamasidhi’.
Tata Carane
Masarakat Jawa tansah ora uwal saka tatacara
adat tradhisi. Apa maneh kang gegayutan karo sangkan paraning manungsa.
Wiwit manungsa ana njero kandhutan nganti manungsa surut ing kaseban
jati, tansah diiring kanthi adat tradhisi kang digelar ing wayah
tertamtu.
Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining wanita lagi ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi kang dikandhut tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane, bayi kang dilairake mbesuke bisa antuk kabegjan uripe.
Maneka tatacara dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana wilujengan utawa selametan nigang wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung sasi kang disebut mitoni, sarta sangang sasi kang disebut procotan.
Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem conthong.
Tata Cara Siraman
Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake
dicepakake jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi kembang setaman.
Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo siraman wanita
kang lagi ngandhut.

Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
Sadurunge siraman, wanita kang ngandhut dilulur luwih dhisik nganggo glepung beras mancawarna dicampur mangir, pandhan wangi kang wus dirajang lembut lan godhong kemuning kang wus dipipis
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang.
Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing.
Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.
(Sumber: LKS Basa Jawa Banyumasan
Ngrumat Basa Panginyongan kelas XII).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar