Sabtu, 16 Januari 2016

Cerkak

Ora Salawase Kamboja Nggawa Sungkawa
Aku nemokake maneh kembang kamboja ing plataran omah. Kembang sing saiki meh saben esuk ana ing jogan omah. Ora ana wit kamboja ing ngarep omah. Sing ana mung kuburan umum ing 1 km saka omah. Menawa dipikir nganggo logika, ora prakara angin bisa nggawa kembang munggah ing plataran omah saben dina. Dina-dina esuke, aku nemu kembang kamboja maneh. Kapetung wis meh sangang dina iku tansah ana ing plataran omah. Iki mesthi sing disengaja, nanging sapa wong sing sengaja menehi kembang kamboja ing ngarep omah? Apa tujuane? " HM ... aku ora ngerti " pikirku.
*** Meh saben dina aku njupuki kembang kuwi lan meh saben dina uga aku ngumpulake tak lebokake ana ing toples sing tak wenehi banyu lan tak dokon ana ing ndhuwur meja ing kamarku. Ora lali saben telung dina sapisan aku ngganti banyune lan kamboja sing wis mati tak buang. Saben dina kembang kamboja ing toples iku ngancani dina-dinaku, meh saben dina aku ndeleng lan kamboja iku dadi bagian sing ora kapisah nang uripku. Saiki wis telung sasi kembang iku ngancani aku.
Saiki piye carane kembang iku bisa saben dina ana ing plataran omahku wis ora tak pikir maneh, malah saiki meh saben esuk sakwise sholat subuh aku langsung kesusu menyang palataran omah kanggo njupuk kembang iku. Tak jupuk, tak simpen ing njero toples, tak pandeng, lan mesthi aku bakal mesem. Aku ora bosen meh saben esuk nglakokake kuwi. Ibuku sing mirsani nganti kaget lan bingung karo aku. " Nduk ... apa ora bosen? Saben dina kowe njupuki kembang kuwi lan didalah ana ing toples lan kowe mandengi iku ya? Kowe kenapa ta?"
" Ora apa-apa bu, aku ora ngerti kepriye aku ngrasakna nek kembang iku menehi semangat ing uripku lan bakal ngancani aku terus bu"
“Apa kowe ngarti sapa sing saben esuk menehi kamboja ing plataran omah?" " Hm ... aku ora ngerti bu, aku ora ngerti sapa sing menehi kembang iku. Saiki aku uga ora pengin ngerti bu.”
" Ati - Ati ya nduk , sapa ngerti ana sing niat ora apik marang kaluarga kita, lan kembang kuwi dadi sesajene "
" Ora bu, jaman saiki kok isih mikirke bab kaya mengkono bu" " Ya ... sapa ngerti kaya ngono"
" Khusnudzon wae bu, kaluarga kita ora due masalah lan musuh karo wong liya, dadi ya ora ana sing wani ala maring kita. Sing penting kita terus njaluk marang Gusti Allah pangayoman supaya terus dijaga bu”.
"Ia Nduk, muga-muga wae ora ana apa-apa".
*** Kawitan, lagi kembang iki ana ing pelataran omahku nembe pirang dina, aku mikir mengkono, aku mikir ana wong kang niat ora apik marang kaluargaku. Malah sangkin penasarane, aku tau ing salah sawijining wengi aku ora turu ngenteni ing ruang tamu lan korden jendela tak buka supaya katon sapa wong kang ndokon kembang iku. Aku meh ngenteni nganti jam papat bengi. Aku ngombe rong gelas kopi supaya mata iki ora ngantuk. Aku ngenteni lan ngenteni karo penasaran karo ngringokake lagu Mp3 saka hpku, nanging iku kabeh siya-siya. Sabanjure ana maneh kembang iku ing pelataran omah lan aku ora ngerti sapa sing ngirim. Dina sabanjure aku uga nyoba kanggo mbaleni maneh aku ora turu lan ngenteni pangirim kembang iku. asile ... tetep nihil. Lan parahe, aku malah mriang amarga kurang turu lan kakehen ngombe kopi. Saka kedadean iku, aku ora mbaleni maneh ngenteni pangirim kembang kamboja. Toh, mengkone ya bakal bosen dewek. Tapi nyatane, nganti wulanan tetep saben esuk isih ana kembang kamboja iku ing plataran omah, aku ya ora bosen njupuki kembang iku lan tak simpen ana ing kamarku sadurunge kembang iku layu.
*** Esuk kuwi, aku sing saben dinane mbantu ibu njaga toko kelontong ing ngarep omah wiwit esuk nganti sore, dina iki ora konsentrasi amarga omongan lagi wengi karo bapak lan ibuku. Bapak lan ibu ngendikan bab aku kang wis cukup umur kanggo urip rumahtangga. Apa maneh bapak ngendikan menawa Kang Afwan tanggaku ngarep omah wis nglamar aku. Bapak setuju amarga weruh Kang Afwan sing saiki wis mateng umur, sifat, agama, lan gaweane. Aku sing Cuma lulus SMP ora muluk-muluk nang golek calon bojo. Sing paling penting apik, seagama, lan tanggung Jawab. Aku nrima lamaran Kang Afwan, apamaneh kita wis kenal cedak wiwit cilik, utawa wae wiwit bayi amarga omahe sing cedak persis ngarep omahku.
*** Kabeh persiapan wis disiapke, insya Allah kita bakal nganaake pesta ing sasi saka Sawal sawise Bada. Tegese ana sasi siji setengah kanthi rong wulan ngelingi wulan puasa wis perek.
" Nduk , sesuk sakwise dzuhur warunge di tutup dhisik ya "
" lha, ana apa tah bu? "
"ngene, nak Afwan arep ngajak kowe kanggo golek ali-ali kanggo kawinanmu mengko"
"Loh, ko ora kandha langsung karo aku bu? "
" mau nak Afwan nelpon ibu, takon kowe. Nanging ibu ngomong yen kowe lagi sibuk ing toko, dadi nak Afwan namung ninggalake pesen marang ibu kanggo kowe. Jemuah esuk nak Afwan arep marang Magelang dhisik, sakwise balik saka Magelang langsung methuk kowe ana ing kene. "
"Oh ngono, ya bu"
*** Nalika mbenerake pita ing rambutku, aku ngenteni Kang Afwan teka . kang Afwan Janji bakal teka jam 13:30, nanging saiki wis jam 14.00 liwat Kang Afwan ora katon teka. " ndean dalan lagi macet " batinku . Aku iki njagong lan ngadeg nganti sue sapa ngerti Kang Afwan katon . Nanging Kang Afwan ora ana. Persis ing jam 14.30 ana Arga, adine Kang Afwanngetokake sepedha motor sing omahe. Aku age-age nyedhaki Arga. " Arga, kowe arep menyang endi? Kang Afwan durung balik?" takonku " Kang Afwan ? Emm ... anu ... sing ... emmm .... durung mbak.... " Arga ngomong karo keder. " kowe kenapa ta? Kok ketok runtag kaya ngono? "
" mbak...ngene...haduh... piye ya ... "
" Kena apa tah kowe, kok kaya ngono? "
" Ayo lah mbak, melu wae karo aku, sedhelat kok "
" lha arep menyang endi? Aku wis janjian karo kang Afwan, nek kangmasmu balik piye?"
“Ora papa mba, ayo cepetan mba, mengko tak critani nek wis anjog kana"
" marang endi ta? "
" wis mba, ayo cepet "
*** Pungkasan aku melu Arga nganggo sepedha montore. Ing dalan Arga ora gelem nggagas arep ngendi aku bakal digawa. Kita nglewati dalan gedhe. Arga nggawa motore kanthi ngebut, iku nggawe aku was-was. Akhire sawise 15 menit ana ing dalan, aku anjog ana ing rumah sakit. Arga arep apa nggawa aku menyang rumah sakit? sapa Sing lara ? apa keluargane? Kabeh pitakonan iku sing lagi tak pikirna.
Sawise mlaku ing lorong-lorong dawa rumah sakit tua iku, pungkasan kita anjog ing salah sawijining panggonan. Nanging atiku wis kaget weruh tulisan ing lawang, Arga langsung mlebu lan njerit ngundang arane Kang Afwan. Aku njagong lemes, rasane awak iki wis ora bisa di obahake, donya ketoke peteng kabeh. Sirahku ngelu banjur aku ora ngelingi apa-apa maneh.
*** Aku tangi, lan wis ana ibu ing jejerku. Jebule aku semaput lan saiki aku isih ing rumah sakit. Aku langsung kelingan Kang Afwan. Wis dikubur? Aku wis ora duwe wektu kanggo ndeleng pasuryane kang kaping pungkasan, pasuryan sing mengkone bakal tansah eseman kanggo aku lan pasuryan sing mestine dadi dekeku sakabehe. Ibu menehi aku jaket sing dinggo Kang Afwan wektu kacelakaan lan dompet sing ditemoake ing kanthong celanane. Barang-barang kuwi mau dititipake dening perawat marang ibune amarga Arga wis balik kanggo ngurusi pemakaman kakange, dadi ibune sing dititipi barang-barang kuwi. Aku ngekepi jakete Kang Afwan, isih mambu lenga wangine Kang Afwan, sing aneh ana ambu sing ngelingake aku karo kembang kamboja ing kamarku. Aneh banget, kok Kang Afwan tresna marang mambu iku. Tanganku mlebu ing kanthong jakete kang Afwan, ketoke ana sawetara kembang kamboja isih seger lan ngetokake ambu wangi. Aku meneng lan ora krasa eluhku tiba ora bisa ketahan maneh.
" Sekar, wis aja nangis, ikhlasna wae " ngendikane ibu.
" mau ana bapak tua teka mene, dheweke pengin ndeleng kowe Kar" teruse ibu. " ndeleng aku kanggo apa bu? " pitakonku.
" Dheweke kanca critane nak Afwan, dheweke kapingin weruh kaya apa bocah wadon kang tansah diwenehi kembang amboja nak Afwan. Bapak tua iku juru kunci kuburan ing daerah Magelang. Dheweke kandha menawa nak Afwan seneng banget marang kembang kamboja lan arep saben minggu nak Afwan lunga marang nggon wong tua iku kanggo njaluk kembang kamboja. Kandhane bapak tua iku nak Afwan crita menawa kembang kamboja kuwi saben dina diwenehake marang pepujaning atine. Yen mangkono, apa iku brati salawase iki nak Afwan sing ndokon kembang kamboja ing plataran omah kita nduk?”
Aku ora njawab maneh, aku nangis, eluhku tumetes banter banget. Kembang kamboja ... saben dina ... Kang Afwan ... alon-alon ukara-ukara iku ana ing pikiranku. Jebule salawase iki kang Afwan sing ngirimake kamboja saben dina. Ora wiwit wingi-wingi aku ngerti supaya aku bisa ngomong matur nuwun amarga kamboja iku wis ngancani dina-dinaku. Saiki wis ora ana maneh wong sing ngirimake kembang saben esuk. Aku kaya kelangan separo atiku. Lara rasane. Sirahku balik meneh mumet lan aku ora eling apa-apa meneh.

  (sumber: panjebar semangat)

Cerkak

LAKUNE URIP
Glubrak...glubrak...glubrak, suara kuwi sing saben dinane dirungoake karo Tina. Tina bocah ayu, duwur, putih lan duweni sifat sing apik, akeh sing seneng karo dheweke. Uripe Tina tansah mesakake, deweke urip karo wong tuwa sing saben dina tukaran. Yanti iku ibune lan Parman iku bapakke. Bapakke duweni sifat sing keras, seneng mabuk-mabukan lan judi. Saben dinane Tina lan ibune mesthi digawe lara ati dening bapakke.
Wis pitulas tahun bapak lan ibune urip bebarengan. Ibune wis ngrasakake paite urip amarga digawe lara ati bapakke. Saiki ibune jaluk pisah pisah karo bapakke amarga wis ora kuwat maneh, lan panjalukane dituruti dening bapakke. Saiki Tina urip karo ibune, uripe tansah seneng .
Nalika pas pisah ibune isih ngandut 6 sasi, telung sasi sak wise pisah ibune nglairake bayi wadon. Nanging ora dikira yen ibune bakal dipundhut dening Gusti nalika nglairake adine mau.
Lina iku jeneng adine. Tina lan Lina saiki kudu urip bareng bapakke maneh amarga umure  isih cilik sing durung bisa ngurusi awakke dewe. Tina kagolong bocah sing cilik amarga umure lagi rolas tahun, nanging kudu nglakoni urip rekasa amarga ditinggal ibune lan kudu ngrumati adine sing isih bayi. Bapakke ora tau ngurusi sanajan kuwi anak kanduge dewe.
Sak wise Tina ditinggal karo ibune dheweke wis ora nerusake sekolah amarga ora ana biaya kanggo sekolah. Tina kudu kerja kanggo biaya urip saben dinane. Tina saiki kerja dadi buruh batik ing tanggane. Saben minggune oleh opah telung puluh ewu. Pancen opah kuwi ora cukup kanggo seben dinane. ora jarang bapakke malah nambahi beban Tina, dheweke njaluk duit kanggo judi.
Parman kuwi wong tuwa sing ora duweni rasa tanggung jawab marang anak-anakke. Saben dina gaweane mung dolan wae ora tau kerja. Dheweke mung ngandelake anakke. Ora jarang bali ing omah karo mabuk. Saben mabuk anakke kudu narima awakke lara kabeh amarga diajar Parman.
Ing sawijining dina nalika Tina lagi mbatik ning pawon. Bapakke teka karo gembor-gembor saperlune njaluk duit kanggo judi, nangging tina ora menehi duit amarga Tina isih butuh biaya kanggo daftareke Lina sekolah, Lina wis kudu mlebu SD. Bapakke ora narima panjaluke ora dituruti banjur bapakke mlebu kamar lan jupuk duit sing disimpen ana ing jero lemari.
Tina langsung mlayu lan ngoyak bapakke, nanging nalika tekan ngarep kamar, kamare wis morak-marik lan bapakke wis nyekeli duit sing sejatine arep dienggo daftarake sekolah lina.
“ Pak, ampun dipun pundhut artanipun, menika badhe kangge daftareken Lina sekolah pak. Kula boten gadha arta malih”. Panjaluke Tina karo nangis lan nggondeli bapakke supaya gelem mbaleke.
“ Wis ora urusan karo adimu, mengko golek maneh sing akeh. Iki bapakkmu lagi perlu kanggo judi mengko yen menang kowe tak ganti duite”. Jawabe Parman kanthi suara kang banter.
Tina terus usaha supaya duite dibalekake, nanging bapakke tetep ora gelem mbaleke duite. Saking jengkele amarga Tina ngalangi niate bapake banjur dheweke ngajar Tina. Sawise tina diajar banjur bapakke lunga metu.
Weruh mbakyune diajar karo bapakke, Lina sing isih cilik ora bisa apa-apa.
“ Piye mbak sampean kok kaya ngene? Wis mba aku ora usah sekolah wae, aku ora apa-apa mbak...”. Omongane Lina marang mbakyune karo nangis.
Kaya biasane saben wengi parman lan kanca-kancane judi ana ing gubug sebelah sawah, ning kana uga ana omben-ombenan. Kabeh pada seneng.
“ Entuk duit saka ngendi kowe man? Ora tau kerka nanging kok duite ana terus. Apa kowe ngingu tuyul?”.hahahaha pitakone salah sijine kanca karo nguyu-nguyu.
“ Iyo aku ngingu tuyul, tuyule anaku dewe. Saben dina tak kongkon kerja yen entuk duit, duite aku jaluk. Hahaha” wangsulane parman karo ngakak.
Dasare wong mabuk mesthi wae kelakuane ora ngenah. Saking enake olehe judi karo ngombe dheweke lan kanca-kancane ora sadar yen gubuge wis dikepung karo polisi. Ora let sui parman lan kanca-kancane digawa ing kantor polisi lan dilebokake penjara.
Krugu yen bapakke dicekel polisi. Anakke langsung pada lunga ing kantor polisi saperlune niliki bapakke, sanajan bapakke kerep gawe lara ati nanging isih tetep pada melas lan sayang.
“ Pak kados pundi? Panjenengan boten napa-napa? Kok bapak bisa nganti dipenjara pak?” pitakone anake karo nangis.
“ Wis cah bapak ora apa-apa. Iki pancen sing kudu bapak rasake. Kowe kabeh sing ati-ati nang omah yaa..” Wangsulane parman.
Parman diukum 9 sasi. Sasuwene dipenjara Tina lan Lina niliki saben minggu sepisan. Dheweke wis mulai sadar lan kepengen nebus kesalahan-kesalahane. Parman nduweni tekad yen metu saka penjara bakal dadi wong sing luwih bener.
Sangang sasi uwis kliwat. Pas jam 9 isuk Tina lan Lina siap-siap ning kantor polisi saperlune jemput bapake. Bapake seneng banget amarga dheweke wis rampung ukumane lan ngerti yen anak-anake wis marani. Wong telu mau bali ing omah.
Sawise metu saka penjara Parman lan anak-anake nganekake slametan. Parman cepet-cepet golek pegawean kanggo biaya urip karo anak-anake. Tina lan Lina saiki bisa sekolah maneh. Anak-anake seneng banget amarga bapakke wis sadar lan wis dadi wong sing bener, ora kaya biyen maneh. Saiki parman lan anak-anake urip seneng.

 (sumber: panjebar semangat)


kawruh manungsa

Chandrane Manungsa
Alise : nanggal sapisan
Astane : nggandewa gadhing
Athi-athine : ngudhup turi
Awake : ramping
Bangkekane : nawon kemit
Bathuke : nyela cendhane
Bokonge : manjang ngilang
Brengose : nglaler menclok, nguler keket
Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
Dedege : ngringin sungsang
Drijine : mucuk ri
Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
Godheke : simbar rumembun
Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
Idepe : tumenga ing tawang
Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
Jangkahe : njalak njrinjing
Jempolane : ngendas ula
Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
Lakune : mager timun, macan luwe
Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
Lengene : nggandhewa pinentang
Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
Netrane : liyep alindri
Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
Pawakane : ramping, gagah pidegsa
Pipine : duren sajuring
Polatane : ruruh jatmika
Praene : sumunar
Pundhake : nraju mas
Pupune : mukang gangsir
Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
Slirane : sedhet singset
Solahe : merak ati
Susune : nyengkir gading
Swarane : ngombak banyu
Tangane : nggendewa pinentang
Tungkake : bunder lir jinangka
Untune : miji timun, ngelar kombang
Ulate : sumeh / sumunar
Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
Watake : andhap asor



kawruh manungsa

Prenahe sedulur :
Anak angkat : bocah liya seng di akoni anak <> ( anak orang lain yang diakui anak )
Anak kuwalon : anak gawane bojo <> ( anak bawaan suami / istri )
Anak mantu : bojone anak <> ( istri/suami anak )
Bapak / ibu angkat : wong liya ( lanang / wadon ) sing ngakoni anak <> ( orang tua yang mengakui anak )
Bapak kuwalon : bapak sambungan dudu bapake dhewe <> ( bapak sambung bukan bapaknya sendiri )
Besan : wong tuwane ( bapak / ibune ) mantu <> ( orang tua istri/suami )
Budhe / uwa / bupuh : mbakyune bapak / ibu ( wadon ) <> ( Kakaknya bapak / ibu yang perempuan )
Bulik ( bibi ) : adhine bapak / ibu ( wadon ) <> ( adik bapak / ibu yang perempuan )
Ibu kuwalon : ibu sambungan ( dudu ibune dhewe ) <> ( ibu sambungan / bukan ibu sendiri )
Ipe : sedulure bojo <> ( saudaranay istri/suami )
Keponakan : anake sedulur tuwa utawa enom <> ( anak saudara tua atau muda )
Mara tuwa : wong tuwane ( bapak / ibune bojo ) <> ( orang tua istri/suami )
Mindhoan : sadulur tunggal buyut <> ( saudara satu buyut / bapaknya kakek/nenek )
Misanan : sadulur pada embah, anak dulur <> ( saudara yang sama kakeknya dengan kita )
Pakdhe / uwa / pakpuh : kangmase bapak / ibu ( lanang ) <> ( kakaknya bapak/ibu yang laki2 )
Paklik ( paman ) : adhine bapak / ibu ( lanang ) <> ( Adiknya bapak/ibu yang laki2 )
Pripean : ipene sedulur <> ( iparnya saudara )
Putu : anake anak <> ( anaknya anak )
Putu keponakan : anake keponakan <> ( anaknya keponakan )
Putu mantu : bojone putu <> ( istri/suami cucu )
Sadulur : sadulur tunggal bapak  ibu <> ( Saudara satu bapak/ibu )
Sadulur asu : sadulur tunggal ibu seje bapak <> ( Saudara satu ibu lain bapak )
Sadulur kuwalon : sadulur seje bapak tunggal ibu, utawa sadulur seje ibu tunggal bapak <> ( saudara lain bapak satu ibu atau saudara lain ibu satu bapak )
Tunggal banyu : sadulur tunggal guru <> ( Saudara satu guru )
Tunggal welat : sadulur tunggal bapak ibu <> ( saudara satu bapak ibu )


kawruh manungsa

Sebutane bocah :
Ontang – anting : anak siji lanang <> anak tunggal laki-laki
Unting – unting : anak siji wadon <> anak tunggal perempuan
Uger – uger lawang : anak loro lanang kabeh <> anak dua laki2 semua
Kembang sepasang : anak loro wadong kabeh <> anak dua perempuan semua
Cukit dulit : anak telu lanang kabeh <> anak tiga laki2 semua
Gotong mayit : anak telu wadon kabeh <> anak tiga perempuan semua
Saramba : anak papat lanang kabeh <> anak empat laki2 semua
Sarimpi : anak papat wadon kabeh <> anak empat perempuan semua
Pandhawa : anak limo lanang kabeh <> anak lima laki2 semua
Pancagati : anak limo wadon kabeh <> anak lima perempuan semua
Kendhana – kendhini : anak loro lanang wadon <> anak dua laki2 perempuan
Kendhini – kendhana : anak loro wadon lanang <> anak dua perempuan laki2
Sendhang kapit pancuran : anak telu, lanang – wadon – lanang <> anak tiga perempuan di tengah
Pancuran kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon <> anak tiga laki2 ditengah
Keblat papat : anak papat lanang wadon <> anak empat laki2 perempuan
Sepasar : anak lima lanang wadon <> anak lima laki2 perempuan
Padangan : anak lima wadon siji <> anak lima perempuan Satu
Ipil-ipil ( pipilan ) : anak lima lanang siji <> anak lima laki2 satu
Pandhawa nyandhangi : anak enem wadon siji wuragil <> anak enam perempuan terakhir
Kembar : anak loro lair bareng <> anak dua lahir bersamaan
Kembar gantung : bocah kembar laire let sedina <> anak kembar lahir selang satu hari
Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng <> anak dua laki2 perempuan lahir bersamaan
Gilir kacang : anake akeh giliran lanang wadon <> anak banyak bergilir laki2 perempuan
Lumpat kidang : anake akeh ora giliran lanang wadoh <> anak banyak tidak bergilir laki2 perempuan
Gendhong : anak wadon akeh seng tengah anak lanang <> anak perempuan banyak yang tengah anak laki2
Pathok : anak lanang akeh seng tengah wadon <> anak laki2 banyak yang tengah perempuan
Grandhel : anak lanang pirang – pirang, seng wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang seng wuragil lanang <> anak banyak yang terakhir perempuan atau laki2
Sumarak : anak akeh seng lanang luwih akeh <> anak banyak yang laki2 lebih banyak
Anggana : anak akeh seng urip gari siji <> anak banyak yang hidup tinggal Saturday
Cemani : anak ireng mulus <> anak hitam mulus
Wungle, bule : anak putih mulus <> anak putih mulus
Gondhang kasih : anak loro beda pakulitane, ono seng ireng ana seng putih <> anak dua beda warna kulitnya, anak yang putih ada yang hitam
Pambarep : anak sing nomer siji <> anak yang nomer satu
Panggulu : anak sing nomer loro <> anak yang nomer dua
Pandhadha : anak sing nomer telu <> anak yang nomer tiga
Sumendhi : kakang wuragil <> kakak anak terakhir
Wuragil, waruju : anak seng keri dhewe <> anak yang terakhir sendiri
Panenggak : anak nomer loro seko lima cacahe anak <> anak yang nomer dua dari lima bersaudara
Panengah : anak nomer telu seko lima cacahe anak <> anak yang nomer tiga dari lima bersaudara
Lola ( yatim piatu ) : bocah seng ditinggal wong tuwane <> anak yang orang tuanya sudah tiada
Yatim : bocah lair wis ora menangi bapake <> anak yang lahir sudah tidak mempunyai ayah
Lola bapa ( biyung ) : bocah seng wes ora nduwe bapak utawa ibu <> anak yang sudah tidak mempunyai salah satu dari bapak/ibu
Konduran : bocah lair slamet nanging ibune seda <> anak yang lahir selamat tapi ibunya meninggal
Sumala : bocah sing cacat wiwit lair <> anak yang cacat dari lahir
Thok thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik <> anak yang lahir dengan kepala kecil
Julung kembang : bocah sing lahir nalika srengenge mletek <> anak yang lahir ketika matahari terbit
Julung sungsang : bocah sing lahir nalika bedug awan <> anak yang lahir ketiga waktu tengah hari / waktu dzuhur
Julung sarab/surup : bocah sing lahir nalika ngarepake surup <> anak yang lahir ketika matahari akan tenggelam
Julung caplok : bocah sing lahir nalika surup <> anak yang lahir ketika matahari tenggelam
Margana : bocah sing lahir nalika ibune lelungan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam bepergian
Wuyungan : bocah sing lahir nalika perang <> anak yang lahir ketika perang
Wahana : bocah seng lahir nalika ibune ana pasamuan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam acara pertemuan
Jempina : bocah seng lahir durung wayahe <> anak yang lahir belum saatnya
Tiba sampir : bocah sing lahir kalung usus <> anak yang lahir dengan posisi usus melingkar di leher
Tiba ungker : bocah sing lahir ususe nggubed gulu <> anak yang lahir dengan usus yang menjerat di leher

Wungkul : bocah sing lahir tanpa ari-ari <> anak yang lahir tanpa ari-ari

Tembung kosok balen

Tembung kosok balen

Tembung kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan.
Tuladha:

Tembung Kosok Balen
A
Adhem            ><       Panas
Adil                   ><      Sawenang-wenang
Adoh                ><      Cedhak
Akas                ><       Lemes
Akeh                ><       Sathithik
Ala                    ><      Becik
Amem             ><       Grapyak
Andhap asor   ><       Deksura
Angok             ><       Rob
Arang              ><       Kereb
Asor                 ><       Unggul

B
(m) bangir       ><       Pesek
Bathi               ><       Tuna
Becik               ><        Ala
Begja               ><       Cilaka
Bener               ><       Luput
Bening             ><       Buthek
Biyen               ><       Saiki
Brangsang      ><       Sabar
Budhal                        ><       Bali
Bungah           ><       Susah

C
Cendhak         ><       Adoh
Cethek             ><       Jero
Climen                        ><       Gedhen
Crah                ><       Rukun
Culika             ><       Jujur
Cupet              ><       Dawa
Cuwer             ><       Kenthel

D
Dhewe             ><       Bareng
Dhiri                ><       Sumanak
(n) dhisiki        ><       Ngareni
Dhoyong         ><       Jejeg
(n) dhudhuk   ><       Ngurug
Dhuwur          ><       Cendhek
Duka               ><       Rena
Dursila            ><       Susila

E
Edan                ><       waras
Eling                ><       Lali
Entek               ><       Isih
Esuk                ><       Sore

G
Gabuk             ><       Isi
Galak              ><       Kuthuk
Gedhen           ><       Climen
Gemi               ><       Boros
Gething           ><       Seneng
Goroh              ><       Blaka
Grapyak          ><       Anggak
Gundhul         ><       Ketel


J
(n) jaluk          ><       Weweh
Jembar                        ><       Ciyut
(n) jembrung  ><       Gilar-gilar
Jero                  ><       Cethek
Jirih                 ><       Kendel
Jujur                ><       Culika

K
Kahyangan     ><       Donya
Kalis                ><       Ketaman
Kapenak          ><       Rekasa
Kasar               ><       Alus
Kasoran           ><       Menang
Katiga              ><       Rendheng
Kemlukung     ><       Andhap asor
Kendel             ><       Jirih
Kerep               ><       Kala-kala
Kesusu             ><       Sareh
Klular-klulur  ><       Trengginas
Kurang            ><       Luwih
L
Landhep          ><       Kethul
Lantip             ><       Bodho
Larang                        ><       Murah
Lembut            ><       Agal
(di) lepeh         ><       Di eleg
Lirih                ><       Seru
Loh                  ><       Cengkar
Longgar          ><       Sesak
Lemu               ><       Kuru
Lencir              ><       Cendhek
Luhur              ><       Asor
Lumrah           ><       Aneh

M
Mabur             ><       Mencok
Manca             ><       Njero
Manjer            ><       Ngglewang
Manthuk         ><       Gedheg
Manteb           ><       Mangiro
Mapag                        ><       Mangiro
Mardika          ><       Dijajah
Marem                        ><       Gela
Mempeng       ><       Kesed
Mendhung      ><       Resik
Mentah           ><       Mateng
Mopo              ><       Tumandang
Muktiwibawa ><       sangsara
Mulih              ><       Mangkat
Mulya             ><       Sangsara
Mursid                        ><       Mursal

N
Nacad              ><       Ngelem
Nistha             ><       Utama
Nugel              ><       Nurut
Ngajeni           ><       Ngina
Nglakoni         ><       Nyelaki
Ngati-ati         ><       Sembrana
Ngebreh          ><       Gemi
Ngenaki          ><       Nglarangi
Nggeret           ><       Nyurung
Ngleneng        ><       Banter
Nyedhak         ><       Ngedoh
Nyusahake      ><       Mbungahake

P
Padhang          ><       Peteng
Padu                ><       Rukuh
Pinggir                        ><       Tengah
Prasaja                        ><       Mubra-mubra
Prigel               ><       Kidhung
Pungkasan      ><       Wiwitan

R
Rame               ><       Sepi
Rampung        ><       Wiwit
Rawuh                        ><       Tindak
Resikan           ><       Kemproh
(ng) rewangi   ><       Ngrusuhi
Rikat                ><       Rindhik
Rekasa             ><       Kapenak
Rendheng        ><       Katiga
Resik                ><       Reged
Ringkes           ><       Rowa
(di) ringkesi     ><       Diorat-arit
Rowa               ><       Cekak aos
               
S
Sabar               ><       Nesu
Saen                ><       Isinan
Sareh               ><       Grusa-grusu, kesusu
Sedhep                        ><       Cemplang
Semanak         ><       Anggak
Sengkud          ><       Kendho
Sengsara         ><       Kapenak
Sepele              ><       Wigati
Seru                 ><       Alon, lirih
Sregep             ><       Kesed
Subur              ><       Cengkar
Sugeng                        ><       Seda
Sumelang        ><       Mantep
Sumringah      ><       Pucet
Susah              ><       Seneng
T
Tanpa              ><       Nganggo
Teka                ><       Lunga
Temen             ><       Cidra
Tenan              ><       Ethok-ethok
Tikungan        ><       Lempeng
Tindak             ><       Kondur
Tipis                ><       Kandel
Titen                ><       Lalen
Trantanan       ><       Rikat
Tresna             ><       Sengit
Tuntun            ><       Pethal
Turu                ><       Tangi
                       
U
Urip                 ><       Mati
Ukuman          ><       Diganjar
           
W
Waras             ><       Lara
Wareg             ><       Luwe
Wedi               ><       Wani
Wekel              ><       Kesed
Welasan          ><       Siya
Wiwitan          ><       Pungkasan
Wuled                         ><       Mbedhel
Wuragil          ><       Pambarep
Wurung          ><       Kelakon

Wutuh                        ><       Kalong